Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 4:25-38 Kitab Sutji (JAV)

25. Sarta Aku kandha marang kowe, lan kandhaKu iki bener: Dhek jamane Nabi Elia, nalika langit mineb lawase telung taun nem sasi, kang njalari anane pailan kang nggegirisi ana ing satanah kabeh, sanadyan ing Israel akeh randhane,

26. ewasamono Nabi Elia ora diutus menyang ing salah sawijining randha-randha mau, nanging menyang ing omahe wong wadon randha ing kutha Sarfat, ing tanah Sidon.

27. Apadene nalika jamane Nabi Elisa ing tanah Israel akeh wong kang budhugen, nanging siji bae ora ana kang kabirat najise, kajaba Naaman, wong Siria.”

28. Kabeh wong kang ana ing papan pangibadah kono padha nepsu banget, krungu kang mangkono iku.

29. Banjur padha ngadeg, Gusti Yesus dilarak menyang ing sajabaning kutha, terus didhabyang menyang ing pinggiring gunung, kang didegi kutha mau, arep dijorogake saka ing kono.

30. Nanging Panjenengane banjur tindak nratas ing tengahe wong-wong mau, nuli jengkar saka ing kono.

31. Gusti Yesus banjur rawuh ing kutha Kapernaum, sawijining kutha ing tanah Galilea, tumuli memulang ana ing kono ing saben dina Sabat.

32. Wong-wong padha kaeraman krungu piwulange, amarga pangandikane kanthi panguwasa.

33. Ing papan pangibadah kono ana wong kang kapanjingan dhemit, iku nguwuh kanthi swara seru:

34. “Dhuh, Gusti Yesus saking Nasaret, Paduka tumut-tumut punapa dhateng kawula? Punapa rawuh Paduka badhe ngrisak kawula? Kawula mangretos, Paduka punika sinten, inggih punika Sang Suci kagunganipun Gusti Allah.”

35. Nanging banjur didukani dening Gusti Yesus, pangandikane: “Menenga! Metua saka wong iku!” Wonge banjur kalarak dening dhemit mau, kabanting ing satengahing wong akeh; dhemite nuli metu lan babar pisan ora njalari larane wong mau.

36. Kabeh wong padha eram, banjur padha rasanan: “Tembunge kok ngedab-edabi banget! Kalawan wibawa lan panguwasa anggone ndawuhi para dhemit, temah padha metu.”

37. Pawarta bab Panjenengane iku banjur sumebar tekan ing ngendi-endi ing tanah kono.

38. Sawise iku Gusti Yesus jengkar saka ing papan pangibadah kono lan tindak menyang ing omahe Simon. Nalika iku ibune maratuwa Simon lagi lara panastis banget, banjur disuwunake pitulungan marang Panjenengane.

maca bab lengkap Lukas 4