Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 24:46-51 Kitab Sutji (JAV)

46. Pangandikane: “Ana kang katulisan mangkene: Sang Kristus pinasthi nandhang sangsara lan ing telung dinane wungu saka ing antarane wong mati.

47. Karodene maneh: pawarta bab pamratobat lan apuraning dosa kudu kaundhangake marang sakabehing bangsa atas asmane, wiwit saka ing Yerusalem.

48. Dene kowe kang padha dadi seksine bab iku mau kabeh.

49. Sabanjure kowe bakal padha Dakkirimi apa kang wis dijanjekake dening RamaKu. Nanging kowe padha anaa ing kutha kene dhisik, nganti kowe wis padha kaparingan kasekten saka ing ngaluhur.”

50. Sawise mangkono para sakabate banjur kadhawuhan ndherek Gusti Yesus menyang ing jaban kutha, menyang ing sacedhake desa Betania. Ana ing kono Panjenengane nuli ngangkat astane, para sakabat padha diberkahi,

51. lan nalika mberkahi mau, Panjenengane banjur nilar para sakabate tuwin mitrane menyang ing swarga.

maca bab lengkap Lukas 24