Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 24:39-47 Kitab Sutji (JAV)

39. Delengen tanganKu lan sikilKu, iki Aku dhewe; grayangana Aku lan satitekna, yen memedi rak ora ana daginge lan balunge, kaya kang padha kokdeleng ana ing Aku iki.”

40. Ngandika mangkono iku karo nedahake astane lan sampeyane.

41. Bareng kabeh durung padha ngandel marga saka bungahe lan isih padha kaeraman, Panjenengane nuli ngandika: “Ing kene apa ana sing kena dipangan?”

42. Banjur dicaosi iwak gorengan sairis.

43. Iku tumuli ditampeni lan didhahar ana ing ngarepe wong-wong mau.

44. Banjur padha dipangandikani mangkene: “Yaiki pituturKu kang Dakkandhakake marang kowe kabeh, nalika Aku isih nunggal karo kowe, yaiku yen kabeh kang wis katulisan tumraping Aku ana ing sajroning kitab-Torete Nabi Musa lan kitabe para nabi sarta kitab Masmur, iku kudu kayektenan.”

45. Panjenengane banjur mbuka pikirane wong-wong mau supaya padha ngreti marang Kitab Suci.

46. Pangandikane: “Ana kang katulisan mangkene: Sang Kristus pinasthi nandhang sangsara lan ing telung dinane wungu saka ing antarane wong mati.

47. Karodene maneh: pawarta bab pamratobat lan apuraning dosa kudu kaundhangake marang sakabehing bangsa atas asmane, wiwit saka ing Yerusalem.

maca bab lengkap Lukas 24