Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 24:3-16 Kitab Sutji (JAV)

3. Bareng padha lumebu, layone Gusti Yesus ora ketemu.

4. Nalika lagi padha ngadeg kalawan kuwur atine marga saka kaanan kang mangkono iku, dumadakan ana priya loro padha jumeneng ing cedhake, pangagemane mancorong.

5. Wong-wong mau padha wedi lan padha tumungkul. Nanging priya loro mau nuli padha ngandika mangkene: “Yagene, dene kowe padha nggoleki Kang Gesang ana ing antarane wong mati?

6. Panjenengane ora ana ing kene, wis wungu. Elinga marang apa kang wus kapangandikakake marang kowe kabeh, nalika isih ana ing tanah Galilea,

7. yaiku, yen Putraning Manungsa pinasthi kaulungake marang tanganing wong-wong dosa lan banjur kasalib, sarta wungu ing telung dinane.”

8. Wong-wong wadon mau iya nuli kelingan marang pangandikane Gusti Yesus iku.

9. Lan sabaline saka ing pasarean, banjur padha nyritakake iku kabeh marang sakabat sawelas lan marang sadulur liyane kabeh.

10. Dene wong-wong wadon mau yaiku Maryam saka Magdala,lan Yohana sarta Maryam ibune Yakobus, tuwin wong-wong wadon liyane kang padha bebarengan uga nyritani marang para rasul.

11. Nanging tembung-tembunge iku dianggep ngayawara, padha ora ngandel marang wong-wong wadon iku.

12. Ewasamono Petrus banjur ngadeg lan mangkat rerikatan menyang ing pasarean. Bareng nginguk manjero, mung weruh ulese thok. Nuli lunga lan mikir-mikir, apa ta kira-kira sing mentas kalakon iku.

13. Ing dina iku uga ana wong loro, panunggalane para sakabat, padha menyang ing desa kang aran Emaus, dohe saka ing Yerusalem watara pitung mil.

14. Wong loro mau padha rasanan bab kabeh kang mentas kalakon.

15. Nalika lagi padha rembugan lan bebantahan, Gusti Yesus piyambak rawuh nyelaki lan banjur nyarengi ing lakune.

16. Nanging wong mau mripate padha kalimputan, mulane padha pangling karo Panjenengane.

maca bab lengkap Lukas 24