Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 24:19-34 Kitab Sutji (JAV)

19. Paring wangsulane: “Lelakon apa ta iku?” Unjuke kang kadangu: “Lelampahanipun Sang Yesus Nasarani, ingkang jumeneng nabi, ingkang kuwaos ing pandamel saha ing pangandika wonten ing ngarsaning Allah sarta wonten ing ngajengipun bangsa kula sadaya.

20. Nanging para pangajengipun imam saha para pangageng kula sami ngulungaken Panjenenganipun dhateng ing paukuman pejah, lajeng dipun salib.

21. Mangka kula sadaya kala rumiyin sami gadhah pangajeng-ajeng, inggih Panjenenganipun punika ingkang rawuh badhe ngluwari bangsa Israel. Nanging sapunika sampun dumugi ing tigang dintenipun, sasampunipun punika wau sadaya kalampahan.

22. Namung kemawon lajeng wonten tiyang estri sawatawis panunggilan kula ingkang sami damel kaget kula: Enjing umun-umun sampun sami dhateng ing pasarean,

23. layonipun boten pinanggih. Lajeng sami wangsul, cariyos, bilih sami sumerep malaekat, ingkang sami ngandika, bilih Panjenenganipun gesang.

24. Nunten wonten kanca kula sawatawis ingkang sami dhateng pasarean, dene pinanggihipun pancen leres ingkang dipun cariyosaken para tiyang estri wau, nanging boten sami sumerep Panjenenganipun.”

25. Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Heh wong kang padha tanpa budi lan kang randhat ing pamikir, temah ora pracaya marang samubarang kabeh, kang wis kapangandikakake dening para nabi!

26. Sang Kristus apa ora pinasthi nandhang iku mau kabeh, banjur lumebet ing kamulyane?”

27. Tumuli padha diparingi katrangan bab sabarang kang wis katulisan ing Kitab Suci kabeh tumrap Panjenengane, wiwit kitab-kitabe Nabi Musa lan kitab-kitabe para nabi.

28. Bareng wis cedhak ing desa kang kaparanan, Gusti Yesus kaya-kaya arep nglajengake tindake.

29. Nanging dicandhet dening wong-wong mau, unjuke: “Kula aturi kendel wonten ing griya kula, awit sampun ngajengaken dalu, surya sampun serap.” Panjenengane iya banjur lumebet karo wong-wong mau.

30. Bareng lenggah arep dhahar bebarengan, nuli mundhut roti, diberkahi banjur dicuwil-cuwil, diparingake marang karone.

31. Nalika iku mripate banjur kabuka, temah ora pangling karo Panjenengane, nanging Gusti Yesus banjur musna saka ing pandelenge.

32. Wong loro mau tumuli padha sapocapan mangkene: “Atiku rak wis padha ngangah-angah, nalika Panjenengane ngandika marang aku kabeh ana ing dalan lan nalika Panjenengane nerangake Kitab Suci marang kowe lan aku?”

33. Banjur padha ngadeg lan bali menyang Yerusalem. Ana ing kono padha nyumurupi sakabat sawelas padha kumpulan karo para sadulur-sadulur liyane,

34. sarta iku padha ngucap: “Gusti nyata yen wis wungu lan wis ngatingal marang Simon.”

maca bab lengkap Lukas 24