Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 23:51-56 Kitab Sutji (JAV)

51. Iku ora melu nyarujuki putusan lan tumindaking Pradata, asale saka ing Arimatea, sawijining kutha Yahudi, kang nganti-anti marang Kratoning Allah.

52. Iku seba ing ngarsane Sang Pilatus, nyuwun layone Gusti Yesus.

53. Sawise layon diandhapake, banjur diulesi mori alus, sarta disarekake ing kubur kang tinatah ing pepunthuk parang, tuwin kang durung tau kanggo.

54. Nalika samana pinuju dina pacawisan, ngarepake Sabat.

55. Apamaneh wong-wong wadon kang wis ndherekake Gusti Yesus saka ing tanah Galilea, iku iya padha melu ngiringake sarta maspadakake pasarean mau lan patrap anggone nyarekake layone.

56. Saulihe banjur padha nyawisake anggi-anggi lan lenga jebad. Dene ing dina Sabat padha leren, netepi ing angger-angger.

maca bab lengkap Lukas 23