Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 23:47-50 Kitab Sutji (JAV)

47. Nalika panggedhening prajurit nyumurupi lelakon iku, tumuli ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Nyata, yen Wong iki tanpa kaluputan.”

48. Sakehe wong kang padha gegrombolan nonton, bareng wis nyumurupi apa kang kalakon mau, padha mulih kalawan tebah-tebah dhadha.

49. Sakabehe wong kang wis wanuh marang Gusti Yesus, kalebu uga para wong wadon kang padha ndherekake Panjenengane saka ing tanah Galilea, padha ngadeg ana ing kadohan, ndeleng lelakon iku kabeh.

50. Ana wong kang jenenge Yusuf, warganing Pradata Agung, wong kang becik lan mursid.

maca bab lengkap Lukas 23