Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 23:30-45 Kitab Sutji (JAV)

30. Wong-wong banjur bakal padha calathu marang gunung-gunung: Aku jugrugana! Lan marang punthuk-punthuk: Aku urugana!

31. Amarga manawa kaya mangkene iki panggawene wong marang kayu kang urip, saya maneh kang garing bakal dikapakake?”

32. Ana durjana loro kang uga padha kairid kang bakal diukum pati bebarengan karo Panjenengane.

33. Satekane ing panggonan kang aran Pacumplungan, Gusti Yesus banjur disalib ana ing kono, mangkono uga durjana loro mau, kang siji ana ing tengen, sijine ana ing kiwane Gusti Yesus.

34. Gusti Yesus tumuli munjuk: “Dhuh Rama, tiyang-tiyang punika mugi Paduka apunten, amargi sami boten mangretos punapa ingkang dipun tindakaken.” Pangagemane banjur kaedum-edum sarana kaundhi.

35. Wong akeh padha ngadeg nonton. Para panggedhe padha nyenyampahi Panjenengane, pangucape: “Wong-wong liya padha dipitulungi, cikben saiki mitulungi Awake dhewe, manawa pancen Sang Kristus, Pilihane Gusti Allah!”

36. Mangkono uga para prajurit iya padha memoyoki Panjenengane lan padha nyaosi anggur kecut

37. karo ngucap: “Manawa Kowe ratune wong Yahudi, mara tulungana Awakmu dhewe!”

38. Ing sadhuwure mustakane ana tulisan, kang unine mangkene: “Iki ratune wong Yahudi.”

39. Durjana kang padha digantung mau ana siji kang ngala-ala marang Gusti Yesus, pangucape: “Apa Kowe dudu Sang Kristus? Mara, tulungana Awakmu dhewe lan aku kabeh.”

40. Nanging sing siji banjur nyaruwe dheweke, ujare: “Apa kowe ora wedi, uga ora wedi marang Gusti Allah, mangka kowe tampa paukuman padha?

41. Aku lan kowe iku pancen wis sabenere diukum, padha tampa piwales kang murwat karo panggawe kita, bareng Panjenengane iki ora nindakake kaluputan apa-apa.”

42. Banjur munjuk: “Dhuh Gusti Yesus, mugi Paduka karsaa ngengeti dhateng kawula, manawi Paduka rawuh ing Kraton Paduka.”

43. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku pitutur marang kowe, satemene ing dina iki uga kowe bakal bebarengan karo Aku ana ing Pirdus.”

44. Bareng watara jam rolas, banjur ana pagowong kang nglimputi satanah kabeh, nganti jam telu

45. amarga srengenge ora sumorot. Kacarita gubahing Padaleman Suci suwek ing tengah dadi loro.

maca bab lengkap Lukas 23