Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 23:21-30 Kitab Sutji (JAV)

21. Nanging wong-wongl padha mangsuli kanthi keras uga panguwuhe: “Kasaliba, kasaliba!”

22. Pangandikane Sang Pilatus kang kaping telune: “Nglakoni piala apa ta Wong iki sabenere? Aku ora bisa nemokake kaluputane kang kena ing paukuman pati. Dadi mung bakal dakajar banjur dakluwari.”

23. nanging kalawan bengok-bengok wong-wong padha nyuwun kanthi adreng, supaya Panjenengane kasalib, lan wekasane wong-wong mau menang kalawan bengok-bengok iku.

24. Sang Pilatus banjur ndhawuhake karampungan, panyuwune wong-wong mau dikabulake.

25. Sarta nuli ngluwari wong kang kalebokake ing pakunjarang marga kasangkut ing pambrontakan lan mateni wong, ngetrepi panyuwune wong-wong mau, dene Gusti Yesus nuli kapasrahake marang wong-wong mau ing sakarep-karpe.

26. Nalika padha ngirid Gusti Yesus iku, ana wong kang jenenge Simon, saka ing kutha Kirene, kang lagi teka bae saka ing jaban kutha, iku diandheg banjur dikon manggul salibe lan mlaku ing wingkinge Gusti Yesus.

27. Sarta ana wong akeh kang padha ndherekake Panjenengane, akeh wong wadon panunggalane iku kang padha ngadhuh-adhuh lan nangisi Panjenengane.

28. Gusti Yesus nuli minger mirsani wong-wong mau lan ngandika: “He anak-anake wadon Yerusalem, aja padha nangisi Aku, awakmu dhewe bae lan anak-anakmu padha tangisana!

29. Amarga sumurupa, bakal tumeka ing wektune wong padha duwe pangucap mangkene: Rahayu wong wadon kang gabug, lan weteng kang ora tau nglairake anak, sarta susu kang ora tau nusoni.

30. Wong-wong banjur bakal padha calathu marang gunung-gunung: Aku jugrugana! Lan marang punthuk-punthuk: Aku urugana!

maca bab lengkap Lukas 23