Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 23:12-26 Kitab Sutji (JAV)

12. Ing dina iku uga Sang Prabu Herodhes karo Sang Pilatus banjur padha memitran, awit maune padha sesatron.

13. Sang Pilatus banjur nimbali para pangareping imam lan para panggedhe sarta wong akeh, padha kadhawuhan nglumpuk,

14. nuli padha dipangandikani mangkene: “Kowe padha ngladekake Wong iki marang aku kokdakwa gawe balelaning rakyat. Kowe padha sumurup dhewe, yen wis dakpriksa, nanging mungguh ing aku bab kang kokgugatake kabeh tumrap Wong iku ora tinemu ana ing Dheweke.

15. Dalasan Sang Nata Herodhes iya ora, sabab Wong iku banjur dibalekake mrene. Satemene apa kang ditindakake iku ora ana kang katrap ing paukuman pati.

16. Mulane mung bakal dakajar, banjur dakluwari.” (

17. Sabab Panjenengane ing dina riyaya iku wajib ngluwari wong siji kanggo wong-wong mau.)

18. Nanging wong kabeh mau tumuli padha nguwuh-uwuh bebarengan: “Kasirnakna Tiyang punika! Barabas kaluwarana!”

19. Barabas iku kalebokake ing pakunjaran marga kasangkut ing pambrontakan ing sajroning kutha lan gawe pepati.

20. Sang Pilatus ngandikani maneh marang wong-wong mau, karsane ngluwari Gusti Yesus.

21. Nanging wong-wongl padha mangsuli kanthi keras uga panguwuhe: “Kasaliba, kasaliba!”

22. Pangandikane Sang Pilatus kang kaping telune: “Nglakoni piala apa ta Wong iki sabenere? Aku ora bisa nemokake kaluputane kang kena ing paukuman pati. Dadi mung bakal dakajar banjur dakluwari.”

23. nanging kalawan bengok-bengok wong-wong padha nyuwun kanthi adreng, supaya Panjenengane kasalib, lan wekasane wong-wong mau menang kalawan bengok-bengok iku.

24. Sang Pilatus banjur ndhawuhake karampungan, panyuwune wong-wong mau dikabulake.

25. Sarta nuli ngluwari wong kang kalebokake ing pakunjarang marga kasangkut ing pambrontakan lan mateni wong, ngetrepi panyuwune wong-wong mau, dene Gusti Yesus nuli kapasrahake marang wong-wong mau ing sakarep-karpe.

26. Nalika padha ngirid Gusti Yesus iku, ana wong kang jenenge Simon, saka ing kutha Kirene, kang lagi teka bae saka ing jaban kutha, iku diandheg banjur dikon manggul salibe lan mlaku ing wingkinge Gusti Yesus.

maca bab lengkap Lukas 23