Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 23:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing kono kabeh warga pradata banjur padha ngadeg, Gusti Yesus diladekake marang ngarsane Sang Pilatus.

2. Nuli wiwit padha nggugat, ature: “Kula sadaya sampun sami nyumerepi, bilih Tiyang punika nasaraken bangsa kula, sami dipun penging ngaturaken paos dhateng Sang Nata Agung, saha ngaken, bilih Piyambakipun punika Sang Ratu.”

3. Sang Pilatus banjur ndangu marang Gusti Yesus: “Punapa Panjenengan punika Ratunipun tiyang Yahudi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan piyambak sampun mastani.”

4. Sang Pilatus nuli ngandika marang para pangareping imam lan marang wong akeh iku: “Tumraping aku wong iki ora tinemu kaluputane.”

5. Nanging wong-wong mau saya banget panggugate, ature: “Tiyang punika damel balelanipun rakyat kalayan piwulangipun wonten ing tanah Yudea sadaya, kawiwitan wonten ing tanah Galilea, lan sapunika sampun dumugi ing ngriki.”

6. Bareng midhanget atur mangkono iku Sang Pilatus banjur ndangu, apa Wong iku wong Galilea.

maca bab lengkap Lukas 23