Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 21:28-38 Kitab Sutji (JAV)

28. Anadene manawa iku kabeh wiwit kalakon, padha njenggeleka lan tumengaa, amarga wis cedhak anggonmu bakal kaluwaran.”

29. Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene: “Padha mawanga wit anjir lan wit apa bae.

30. Manawa kowe padha nyumurupi yen wis padha semi, kowe padha ngreti dhewe, yen wis ngarepake mangsa panas.

31. Mangkono uga manawa kowe padha nyumurupi lelakon mau, padha mangretia yen Kratoning Allah wis cedhak.

32. Aku pitutur marang kowe: Satemene jinis iki bakal ora sirna sadurunge iku mau kalakon kabeh.

33. Langit lan bumi bakal padha sirna, nanging tembungKu ora bakal sirna babar pisan.”

34. “Padha jaganen awakmu dhewe, atimu aja nganti kabotan dening pista gedhen lan mendem, tuwin dening kasusahaning ngaurip sarta supaya Dinaning Pangeran mau aja nganti tumempuh marang kowe kalawan dadakan kayadene kalajiret.

35. Amarga iku bakal nungkebi marang sakabehing wong kang dumunung ing bumi iki.

36. Padha tansah jumagaa lan ndedongaa, supaya kowe diparingana kakuwatan kang njalari kowe padha ora bakal katempuh dening apa kang bakal kalakon iku lan supaya kowe padha bisa tahan anggonmu ana ing ngarsane Putraning Manungsa.”

37. Kacarita Gusti Yesus yen awan memulang ana ing Padaleman Suci, dene yen bengi miyos lan lereb ana ing gunung kang aran gunung Zaitun.

38. Lan esuke wong-wong kabeh padha sowan ing ngarsane ana ing Padaleman Suci, ngrungokake pangandikane.

maca bab lengkap Lukas 21