Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 21:23-33 Kitab Sutji (JAV)

23. Nanging mesakake banget para wong kang lagi ngandheg, utawa kang lagi nusoni bayi ing wektu iku! Amarga bakal ana kasangsaran gedhe ing saindenging nagara lan bangsa iki bakal tampa deduka.

24. Wong-wong mau bakal padha tiwas kena landheping pedhang sarta bakal padha kabandhang dadi tawananing bangsa-bangsa kabeh, sarta kutha Yerusalem bakal kaicak-icak dening bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah, nganti tumeka sarampunge jamane bangsa-bangsa iku.”

25. “Apadene bakal ana ilapat-ilapat ing srengenge, ing rembulan lan ing lintang-lintang, sarta ing bumi para bangsa bakal padha wedi lan bingung marga saka gumlegering sagara lan alun.

26. Wong-wong bakal padha semaput dening giris amarga kuwatir marang apa kang bakal nekani jagad; amarga kabeh panguwasaning langit bakal gonjing.

27. Ing nalika iku wong bakal padha nyumurupi Putraning Manungsa rawuh nitih mega, ngagem panguwasa lan kamulyan gedhe.

28. Anadene manawa iku kabeh wiwit kalakon, padha njenggeleka lan tumengaa, amarga wis cedhak anggonmu bakal kaluwaran.”

29. Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene: “Padha mawanga wit anjir lan wit apa bae.

30. Manawa kowe padha nyumurupi yen wis padha semi, kowe padha ngreti dhewe, yen wis ngarepake mangsa panas.

31. Mangkono uga manawa kowe padha nyumurupi lelakon mau, padha mangretia yen Kratoning Allah wis cedhak.

32. Aku pitutur marang kowe: Satemene jinis iki bakal ora sirna sadurunge iku mau kalakon kabeh.

33. Langit lan bumi bakal padha sirna, nanging tembungKu ora bakal sirna babar pisan.”

maca bab lengkap Lukas 21