Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 21:2-11 Kitab Sutji (JAV)

2. Tumuli iya mirsani randha miskin kang nglebokake pisungsung rong igar.

3. Banjur ngandika: “Aku pitutur marang kowe: Satemene kang dipisungsungake randha miskin iku luwih akeh katimbang wong kabeh iku.

4. Amarga wong-wong kabeh iku ngaturake pisungsung saka kasugihane, nanging randha iki ngaturake saka ing kamiskinane, malah nyaosake sakabehing darbeke kang kanggo urip.”

5. Bareng ana wong sawatara kang padha rembugan bab Padaleman Suci lan padha ngalem dene nganggo rinengga ing watu-watu kang endah sarta pisungsung warna-warna, Gusti Yesus banjur ngandika:

6. “Apa kang padha kokdeleng iku bakal tumeka ing wektu ora ana watu siji bae kang lestari tumumpang ing watu liyane; kabeh bakal padha digempur.”

7. Wong-wong mau banjur padha matur pitakon: “Guru, benjing punapa kalampahanipun punika? Saha punapa ngalamatipun manawi punika badhe kalampahan?”

8. Paring wangsulane: “Sing padha waspada, supaya kowe aja nganti disasarake. Amarga bakal ana wong akeh kang padha teka nganggo jenengKu lan calathu: Iya aku iki Panjenengane lan iki wus ndungkap wektune. Kowe aja ngetut-buri wong-wong iku.

9. Sarta manawa kowe krungu pawarta bab peperangan lan kraman, aja padha kaget. Awit iku kabeh mesthi kudu kalakon dhisik, ewadene iku durung ateges, yen bakal enggal tumeka ing wekasaning jaman.”

10. Panjenengane banjur ngandika marang wong-wong mau: “Bakal ana bangsa kang nglawan padha bangsa, karajan nglawan padha karajan,

11. lan bakal ana lindhu kang nggegirisi sarta ing kana kene bakal ana pageblug pes lan pailan, apadene bakal kalakon uga ana bab-bab kang ngagetake tuwin ilapat-ilapat kang nggegirisi saka ing langit.

maca bab lengkap Lukas 21