Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 21:13-24 Kitab Sutji (JAV)

13. Iku bakal dadi jalarane kowe kabeh bakal padha nglairake paseksen.

14. Mulane sing padha mantep bae, aja ngrancang-ngrancang dhisik bab kapriye anggonmu bakal mangsuli.

15. Sabab Aku dhewe kang bakal maringi marang kowe tembung-tembung lan kawicaksanan, satemah kowe ora bisa dilawan utawa dibantah dening mungsuh-mungsuhmu.

16. Apamaneh kowe bakal iya padha diulungake dening wong tuwamu, sadulur-sadulurmu, kadang-kadeyanmu lan pawong mitramu sarta ana panunggalanmu sawatara kang bakal dipateni,

17. apadene kowe bakal padha disengiti dening wong kabeh marga saka jenengKu.

18. Nanging ora ana rambutmu saeler bae kang bakal ilang.

19. Manawa kowe padha tetep mantep, kowe bakal padha nampani uripmu.”

20. “Manawa kowe nyumurupi kutha Yerusalem kakepung ing wadyabala, mangretia, yen gempure wis cedhak.

21. Ing nalika iku wong-wong kang ana ing tanah Yudea padha ngungsia menyang ing pagunungan, lan wong-wong kang ana ing jero kutha padha sumingkira, sarta wong-wong kang ana ing padesan aja lumebu ing kutha maneh,

22. amarga yaiku mangsa tekane piwales, kang dadi kayektene sabarang kang wis katulisan kabeh.

23. Nanging mesakake banget para wong kang lagi ngandheg, utawa kang lagi nusoni bayi ing wektu iku! Amarga bakal ana kasangsaran gedhe ing saindenging nagara lan bangsa iki bakal tampa deduka.

24. Wong-wong mau bakal padha tiwas kena landheping pedhang sarta bakal padha kabandhang dadi tawananing bangsa-bangsa kabeh, sarta kutha Yerusalem bakal kaicak-icak dening bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah, nganti tumeka sarampunge jamane bangsa-bangsa iku.”

maca bab lengkap Lukas 21