Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 20:7-23 Kitab Sutji (JAV)

7. Nuli padha matur, yen padha ora ngreti saka ngendi baptisane iku.

8. Gusti Yesus banjur ngandika: “Yen mangkono Aku iya ora gelem kandha marang kowe, kalawan panguwasa sing endi anggonKu nglakoni samubarang kabeh iku.”

9. Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene marang wong akeh: “Ana wong gawe pakebonan anggur, nuli disewakake marang wong-wong tani, banjur lelungan menyang ing tanah ngamanca nganti sawatara lawase.

10. Bareng wis tumeka ing mangsane, tumuli kongkonan batur siji nemoni wong-wong mau, padha dikon ngladekake pandumaning pametune pakebonan. Nanging batur iku banjur digebugi dening wong-wong tani mau, lan dikon bali nglenthung.

11. Sawise mangkono dheweke kongkonan batur liyane, nanging iku iya digebugi lan diwirang-wirangake dening para wong tani mau lan dikon bali nglenthung.

12. Sabanjure nuli kongkonan maneh kang kaping telune, nanging iku iya ditatoni dening wong-wong mau sarta tumuli diuncalake menyang ing sajabaning kebon.

13. Kang duwe pakebonan banjur calathu mangkene: Apa saiki sing kudu daktindakake? Dakkongkonan anakku kang kekasih, mesthi bakal dieringi.

14. Nanging bareng wong-wong tani iku weruh anake mau, banjur padha rembugan: Iku ahli-warise, ayo dipateni bae, supaya warisane dadi duwekku kabeh.

15. Anake mau banjur diuncalake menyang ing sajabaning pakebonan anggur sarta banjur dipateni. Saiki apa kang bakal dilakoni dening kang duwe pakebonan anggur iku tumrap wong-wong mau?

16. Dheweke bakal teka lan nyirnakake wong-wong tani mau sarta kebone anggur banjur disewakake marang wong-wong liyane.” Krungu kang mangkono iku wong-wong mau banjur kandha: “Aja pisan-pisan nganti kalakon iku!”

17. Nanging Gusti Yesus tumuli mandeng marang wong-wong iku lan ngandika: “Manawa mangkono apa tegese nas iki:Watu kang tinampik dening para juru gawe omah,iya iku kang wis dadi watu ing pojok.

18. Sing sapa tiba ing watu iku, bakal ajur mumur, lan sing sapa ketiban, bakal remuk.”

19. Para ahli Toret lan para pangareping imam banjur padha ngudi nyepeng Panjenengane nalika iku uga, amarga padha ngreti, yen dheweke kabeh kang dikarsakake ana ing pasemon iku, nanging padha wedi marang wong akeh.

20. Marga saka iku padha tansah mindeng marang Gusti Yesus. Banjur nglakokake telik kang sangadi mursid, supaya padha nyengkolong Panjenengane sarana pitakonan temah bisa ngladekake Panjenengane marang wewenang lan panguwasane wali-nagara.

21. Wong-wong mau padha ngaturake pitakonan marang Panjenengane mangkene: “Guru, kula sami mangretos, bilih sadaya pangandika tuwin piwulang Panjenengan punika leres sarta bilih Panjenengan boten pados pangalembana, nanging kalayan temen-temen mulangaken margining Allah.

22. Kula sami ngaturaken paos dhateng Sang Nata Agung punika kenging punapa boten?”

23. Nanging Gusti Yesus ora kakilapan marang kaculikane wong-wong mau, mulane banjur ngandika:

maca bab lengkap Lukas 20