Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 20:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju memulang marang wong akeh ana ing Padaleman Suci sarta martakake Injil, para pangareping imam, para ahli Toret lan para pinituwa padha sowan ing ngarsane

2. tuwin munjuk marang Gusti Yesus: “Kula sami kapangandikanana, menggah anggen Panjenengan nindakaken samukawis sadaya punika kanthi panguwaos ingkang pundi, saha sinten ingkang maringi panguwaos punika dhateng Panjenengan?”

3. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku iya arep takon saprakara marang kowe. Aku kandhanana:

4. Pambaptise Nabi Yokanan iku saka swarga apa saka manungsa?”

5. Wong-wong mau banjur padha rembugan, ujare: “Manawa aku padha kandha: Saka ing swarga, Dheweke mesthi calathu: Yagene kowe padha ora nganggep?

6. Nanging yen aku padha kandha: Saka manungsa, wong-wong mesthi bakal padha mbenturi watu marang kita, amarga padha yakin, yen Yokanan iku nabi.”

7. Nuli padha matur, yen padha ora ngreti saka ngendi baptisane iku.

8. Gusti Yesus banjur ngandika: “Yen mangkono Aku iya ora gelem kandha marang kowe, kalawan panguwasa sing endi anggonKu nglakoni samubarang kabeh iku.”

9. Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene marang wong akeh: “Ana wong gawe pakebonan anggur, nuli disewakake marang wong-wong tani, banjur lelungan menyang ing tanah ngamanca nganti sawatara lawase.

10. Bareng wis tumeka ing mangsane, tumuli kongkonan batur siji nemoni wong-wong mau, padha dikon ngladekake pandumaning pametune pakebonan. Nanging batur iku banjur digebugi dening wong-wong tani mau, lan dikon bali nglenthung.

11. Sawise mangkono dheweke kongkonan batur liyane, nanging iku iya digebugi lan diwirang-wirangake dening para wong tani mau lan dikon bali nglenthung.

maca bab lengkap Lukas 20