Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 2:49-52 Kitab Sutji (JAV)

49. Ature marang rama-ibune: “Punapaa dene panjenengan madosi Kula? Panjenengan punapa boten mirsa, bilih Kula kawajiban wonten ing dalemipun Rama Kula?”

50. Rama-ibune padha ora nyandhak marang apa kang dipangandikakake iku.

51. Panjenengane banjur kondur bebarengan karo kang rama lan kang ibu menyang ing Nasaret; sabanjure Panjenengane lestantun kaemong dening rama-ibune. Dene kang ibu nyathet prakara iku mau kabeh ana ing sajroning atine.

52. Kacarita Gusti Yesus saya mindhak ageng, lan saya mindhak kawicaksanane apadene saya wuwuh antuk sihing Allah lan manungsa.

maca bab lengkap Lukas 2