Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 2:23-39 Kitab Sutji (JAV)

23. kaya kang katulisan ing angger-anggering Pangeran: “Sakabehing anak lanang pambarep kudu kasucekake kagem Gusti Allah,”

24. lan padha saos kurban, manut apa kang kadhawuhake ana ing angger-anggering Pangeran, arupa manuk deruk sajodho utawa piyik dara loro.

25. Ing kutha Yerusalem ana sawijining wong jenenge Simeon, wong mursid lan ngabekti marang Allah, kang nganti-anti marang panglipuring Israel sarta kang ingayoman ing Roh Suci.

26. Iku wis pinaringan wangsit dening Sang Roh Suci, yen bakal ora mati sadurunge ndeleng Sang Kristus, yaiku kang Jinebadan dening Pangeran.

27. Marga saka pitedahe Sang Roh Suci, Simeon menyang Padaleman Suci. Nalika Gusti Yesus, Sang Timur, dibopong mlebu dening rama ibune, lan bakal katindakake kaya kang wis katamtokake dening angger-anggering Toret,

28. Simeon banjur mbopong Sang Timur kalawan memuji marang Gusti Allah, unjuke:

29. “Dhuh, Pangeran, sapunika Paduka marengaken kawula kesah kalayan temrem rahayu, miturut pangandika Paduka,

30. sabab mripat kawula sampun nyumerepi karahayon peparing Paduka,

31. ingkang sampun Paduka cawisaken women ing sangajenging bangsa sadaya,

32. inggih punika pepadhang ingkang minangka wedharan tumrap bangsa-bangsa sanes saha ingkang dados kamulyaning umat Paduka, Israel.”

33. Rama-ibune kaeraman banget marang kabeh kang diucapake tumrap Panjenengane mau.

34. Simeon banjur mberkahi lan calathu marang Maryam, kang ibu: “Lah iki wis pinasthi dadi marganing tiba lan tangine wong ing Israel pirang-pirang, lan dadi tetengeran kang bakal nukulake padudon

35. -- lan atimu dhewe bakal katuwek ing pedhang -- supaya kalairna pikiraning atine wong akeh.”

36. Lan maneh ing kono iya ana nabi wadon, jenenge Hana, anake Fanuel, saka taler Asyer, wis tuwa banget. Sawise omah-omah banjur urip bebarengan karo bojone pitung tahun,

37. lan saiki wis randha, kang umure wolung puluh papat taun. Ora mengeng saka ing Padaleman Suci, rina wengi anggone ngabekti kalawan pasa lan ndedonga.

38. Nalika iku dheweke iya mrono lan ngunjukake panuwun marang Gusti Allah, sarta nyaritakake bab Sang Timur mau marang sakabehing wong kang padha nganti-anti marang pangluwarane Yerusalem.

39. Sawise ngrampungake kabeh kang kudu dilakoni miturut angger-anggere Pangeran, banjur padha mulih menyang ing kutha panggonane, yaiku ing Nasaret ing tanah Galilea.

maca bab lengkap Lukas 2