Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 2:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika samana Sang Nata Agung Agustus paring dhawuh, supaya wong saindenging karajan agung dicacahake.

2. Iki cacah-jiwa kang kapisan kang dianakake nalika Sang Kirenius jumeneng walinagara ing Siria.

3. Wong-wong banjur padha mangkat kabeh arep ndhaftarake, sawiji-wijine menyang ing kuthane dhewe-dhewe.

4. Mangkono uga Yusuf iya mangkat saka ing kutha Nasaret tanah Galilea menyang ing tanah Yudea, menyang ing kuthane Sang Prabu Dawud, kang aran Betlehem -- amarga asale saka ing brayat lan tedhake Sang Prabu Dawud --

5. supaya didhaftarake bebarengan karo Maryam, pacangane, kang lagi ngandheg.

6. Bareng wis tekan kono, Maryam anggone ngandheg wis tekan ing leke,

7. banjur mbabar Putra kakung, kang pambajeng, nuli digedhong lan diselehake ing pemakanan, sabab ana ing papan panginepan padha ora komanan panggonan.

8. Kacarita ing jajahan kono ana pangon-pangon kang padha nginep ing ara-ara njaga pepanthaning kewane.

maca bab lengkap Lukas 2