Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 18:14-24 Kitab Sutji (JAV)

14. Aku pitutur marang kowe: Wong iki saundure mulih kaanggep sampurna, dene sijine mau ora. Awit sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, dene kang ngasorake awake dhewe, iku bakal kaluhurake.”

15. Tumuli ana wong kang padha teka nyowanake anak-anake kang isih cilik marang ing ngarsane, supaya padha diasta. Sumurup kang mangkono iku para sakabate padha nepsu marang wong-wong mau.

16. Nanging banjur padha ditimbali dening Gusti Yesus sarta padha dipangandikani: “Cikben bocah-bocah padha marani Aku, aja kokpenggak, sabab wong-wong kang kaya mangkono iku kang nduweni Kratoning Allah.

17. Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa anggone nampani Kratoning Allah ora kaya bocah cilik, iku ora bakal lumebu ing kono.”

18. Kacarita ana sawijining panggedhe matur pitakon marang Gusti Yesus mangkene: “Dhuh, Guru ingkang utami, punapa ingkang kedah kula lampahi, amrih angsal gesang langgeng?”

19. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Yagene kowe ngarani Aku utama? Ora ana wong siji bae kang utama kajaba mung Gusti Allah piyambak.

20. Mesthine kowe wis nyumurupi kabeh pepakone Gusti Allah: Sira aja laku jina, aja memateni, aja nyenyolong, aja ngucapake paseksi goroh, ngajenana bapa biyungira.”

21. Unjuke wong mau: “Punika sadaya sampun kula lampahi wiwit anem mila.”

22. Mireng kang mangkono iku Gusti Yesus banjur ngandika: “Isih ana siji kang kudu koklakoni: kabeh barang darbekmu edolana lan edum-edumna marang wong-wong miskin, temah kowe bakal duwe bandha ana ing swarga, nuli mrenea, melua Aku.”

23. Bareng wong mau krungu pangandika iku, banjur sedhih banget, amarga kaliwat sugihe.

24. Banjur dipandeng dening Gusti Yesus sarta dipangandikani: “Pancen angel banget tumraping wong sugih dhuwit, bisane lumebu ing Kratoning Allah.

maca bab lengkap Lukas 18