Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 18:1-18 Kitab Sutji (JAV)

1. Gusti Yesus paring pasemon marang para sakabate, kang wose supaya tansah padha ndedonga, aja nganti bosen.

2. Pangandikane: “Ing sawijining kutha ana hakim kang ora wedi marang Gusti Allah lan ora mreduli marang wong.

3. Ing kutha kono ana randha kang pijer marani hakim mau lan matur: Kula mugi panjenengan rencangi anggen kula prakawisan kaliyan lawan kula.

4. Hakim mau sawatara lawase ora gelem, nanging wasana banjur nggagas mangkene: Sanadyan aku ora wedi marang Gusti Allah lan ora mreduli marang wong siji-sijia,

5. mung bae sarehne randha iki tansah ngrubedi aku, prayogane dakolehne adil bae, supaya aja pijer teka lan wekasane aku diamuk.”

6. Gusti banjur ngandika: “Padha wigatekna apa kang dikandhakake dening hakim kang ambek sawenang-wenang iku!

7. Apa Gusti Allah ora bakal maringi adil marang para pepilihane kang rina wengi padha sesambat marang Panjenengane? Lan apa Panjenengane anggone arep paring pitulungan diundur-undur?

8. Aku pitutur marang kowe: Panjenengane bakal enggal maringi adil. Nanging manawa Putraning Manungsa rawuh, apa bakal manggih pangandel ana ing bumi?”

9. Lan marang wong sawatara kang nganggep awake dhewe sampurna sarta ngremehake marang wong liya, Panjenengane paring pasemon mangkene:

10. “Ana wong loro padha mlebu ing Padaleman Suci arep ndedonga; kang siji wong Farisi, sijine juru-mupu-beya.

11. Wong Farisi iku ngadeg lan ndedonga sajroning atine mangkene: Dhuh Allah, kawula ngunjukaken genging panuwun wonten ing ngarsa Paduka, dene kawula boten sami kaliyan tiyang-tiyang sanes, sanes rampog, sanes tiyang ingkang tumindak sawenang-wenang, sanes tiyang ingkang lampah jina saha boten kados juru-mupu-beya punika.

12. Kawula siyam kaping kalih saminggu. Sadaya pamedal kawula, kawula pisungsungaken sapradasanipun.

13. Kosokbaline juru-mupu-beya iku mung ngadeg ana ing kadohan, malah tumenga marang ing langit bae ora wani, nanging mung tebah-tebah dhadha sarta munjuk mangkene: Dhuh Allah, kawula tiyang dosa mugi Paduka welasi.

14. Aku pitutur marang kowe: Wong iki saundure mulih kaanggep sampurna, dene sijine mau ora. Awit sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, dene kang ngasorake awake dhewe, iku bakal kaluhurake.”

15. Tumuli ana wong kang padha teka nyowanake anak-anake kang isih cilik marang ing ngarsane, supaya padha diasta. Sumurup kang mangkono iku para sakabate padha nepsu marang wong-wong mau.

16. Nanging banjur padha ditimbali dening Gusti Yesus sarta padha dipangandikani: “Cikben bocah-bocah padha marani Aku, aja kokpenggak, sabab wong-wong kang kaya mangkono iku kang nduweni Kratoning Allah.

17. Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa anggone nampani Kratoning Allah ora kaya bocah cilik, iku ora bakal lumebu ing kono.”

18. Kacarita ana sawijining panggedhe matur pitakon marang Gusti Yesus mangkene: “Dhuh, Guru ingkang utami, punapa ingkang kedah kula lampahi, amrih angsal gesang langgeng?”

maca bab lengkap Lukas 18