Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 16:4-18 Kitab Sutji (JAV)

4. Iya, aku wis oleh dalan, supaya manawa aku sida dipocot saka ing pagaweanku dadi juru-gedhong, ana wong kang gelem ngukup aku ana ing omahe.

5. Wong kang padha utang marang lurahe padha diundangi siji-siji. Wong kang kapisan dicalathoni mangkene: Pira utangmu marang lurahku?

6. Wangsulane: Lisah satus tong. Banjur dikandhani: Enya iki layang-utangmu. Linggiha, gawea layang-utang liyane, saiki uga, kang muni: Seket tong.

7. Wong kang kapindho ditakoni: Lah kowe utangmu pira? Wangsulane wong mau: Gandum satus dhacin. Banjur dikandhani: Enya iki layang-utangmu. Gawea layang-utang liyane, tulisen: Wolung puluh dhacin.

8. Lurahe banjur ngalem marang juru-gedhong kang ora temen iku, marga saka anggone duwe akal kang mangkono iku, sabab para anaking jagad iki tumrap kang tunggal golongan, akale ngluwihi para ahli-warising pepadhang.

9. Lan Aku pitutur marang kowe: Padha memitrana kalawan migunakake Mamon kang ora temen iku, supaya manawa kowe koncatan Mamon iku, kowe banjur ditampani ana ing tarub kang langgeng.”

10. “Sing sapa tumemen ing bab prakara kang sepele, iya tumemen ing bab prakara kang wigati. Lan sing sapa ora tumemen bab prakara kang sapele, iku iya ora tumemen ing bab prakara kang wigati.

11. Dadi, manawa kowe ora tumemen ing bab Mamon, kang ora temen iku, sapa kang bakal mitayakake barang kang sanyata marang kowe?

12. Lan manawa kowe ora tumemen tumrap baranging liyan, sapa kang bakal menehake barangmu dhewe marang kowe?

13. Ora ana batur kang bisa ngladeni bandara loro. Amarga manawa mangkono, mesthi bakal sengit marang kang siji lan tresna marang sijine, utawa setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Ora bisa kowe ngawula marang Gusti Allah lan marang Mamon.”

14. Iku mau kabeh iya kaprungu dening wong-wong Farisi, kang padha karem bandha, banjur padha ngencepi Panjenengane.

15. Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kowe iku padha mbenerake awakmu dhewe ana ing ngarepaning wong, nanging Gusti Allah nguningani isining atimu. Sabab apa kang dianggep pinunjul dening manungsa, iku sinengitan dening Allah.

16. Angger-anggering Toret lan kitab-kitabe para nabi iku kanggone nganti tumeka jamane Nabi Yokanan. Wiwit ing wektu iku Injil Kratoning Allah kaundhangake lan saben wong rebutan arep lumebu ing kono.

17. Ananging luwih gampang sirnane langit lan bumi, katimbang karo bataling titik siji kang ana ing angger-anggering Toret.

18. Saben wong kang megat rabine, banjur rabi liyane, iku dadi laku jina; lan sing sapa ngrabeni wong wadon kang dipegat dening sing lanang mau, iku iya laku jina.”

maca bab lengkap Lukas 16