Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 16:14-30 Kitab Sutji (JAV)

14. Iku mau kabeh iya kaprungu dening wong-wong Farisi, kang padha karem bandha, banjur padha ngencepi Panjenengane.

15. Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kowe iku padha mbenerake awakmu dhewe ana ing ngarepaning wong, nanging Gusti Allah nguningani isining atimu. Sabab apa kang dianggep pinunjul dening manungsa, iku sinengitan dening Allah.

16. Angger-anggering Toret lan kitab-kitabe para nabi iku kanggone nganti tumeka jamane Nabi Yokanan. Wiwit ing wektu iku Injil Kratoning Allah kaundhangake lan saben wong rebutan arep lumebu ing kono.

17. Ananging luwih gampang sirnane langit lan bumi, katimbang karo bataling titik siji kang ana ing angger-anggering Toret.

18. Saben wong kang megat rabine, banjur rabi liyane, iku dadi laku jina; lan sing sapa ngrabeni wong wadon kang dipegat dening sing lanang mau, iku iya laku jina.”

19. “Ana wong sugih kang tansah manganggo jubah wungu lan kain kang alus, sarta saben dina mangun suka ngeram-eramake.

20. Lan ana wong ngemis jenenge Lazarus, awake sakojur gudhigen; ngglungsar ana ing sacedhake regoling omahe wong sugih mau

21. sarta banget kapengin ngilangake luwene kalawan gogrogan saka ing mejane wong sugih iku. Nanging malah diparani asu-asu sing padha ndilati gudhige.

22. Kacarita wong miskin mau mati, banjur digawa dening para malaekat menyang ing pangkone Rama Abraham.

23. Wong sugih mau iya mati lan banjur dikubur. Lan nalika dheweke ana ing sajroning teleng-palimengan sarta nandhang sangsara iku tumenga, nuli sumurup Rama Abraham ana ing kadohan mangku Lazarus.

24. Banjur nguwuh-uwuh, ature: Dhuh, Rama Abraham, mugi karsaa paring kawelasan dhateng kula. Lazarus mugi kadhawuhana nyelupaken pucuking drijinipun wonten ing toya, kangge ngasrepaken ilat kula, amargi kula nandhang sangsara sanget wonten ing latu murub punika.

25. Nanging Rama Abraham mangsuli, pangandikane: Angger, elinga, yen kowe wis tampa samubarang kang becik salawase uripmu, nanging Lazarus tampa samubarang kang ora apik. Saiki dheweke tampa panglipur, dene kowe nandhang sangsara banget.

26. Kajaba saka iku ing antarane aku lan kowe ana jurang kang ora kena diliwati, supaya wong ing kene kang arep menyang ing panggonanmu utawa wong kang ana ing panggonanmu arep mrene ora bisa.

27. Ature wong mau: Manawi makaten, panyuwun kula, dhuh Rama, Lazarus mugi kadhawuhana dhateng ing griyanipun bapa kula,

28. awit sadherek kula taksih gangsal, supados sami kaengetna kanthi saestu, amrih ing benjingipun sampun sami lumebet ing papan ingkang sangsara punika.

29. Nanging pangandikane Rama Abraham: Iku wis duwe paseksene Nabi Musa lan para nabi liyane. Iya iku kang kudu padha dirungokake.

30. Ature wong mau: Boten, Rama Abraham, nanging manawi wonten patunggilanipun tiyang pejah ingkang ndhatengi, tamtu sami badhe mratobat.

maca bab lengkap Lukas 16