Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 16:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Ana maneh pangandikane Gusti Yesus marang para sakabate: “Ana wong sugih duwe juru-gedhong. Iku diwaduli, manawa juru-gedhong mau ngawut-awut barang darbeke.

2. Mulane banjur diundang lan dicalathoni mangkene: Kapriye, dene aku nganti krungu bab tumindakmu kang mangkono iku? Mara, aku wenehana palapuran tumrap rereksanmu, amarga kowe wis ora kena mbanjurake pagaweanmu dadi juru-gedhong.

3. Juru-gedhong mau nuli mikir: Gek aku arep nyambut-gawe apa? Aku dipocot anggonku dadi juru-gedhong. Macul aku ora bisa, ngemis aku isin.

4. Iya, aku wis oleh dalan, supaya manawa aku sida dipocot saka ing pagaweanku dadi juru-gedhong, ana wong kang gelem ngukup aku ana ing omahe.

5. Wong kang padha utang marang lurahe padha diundangi siji-siji. Wong kang kapisan dicalathoni mangkene: Pira utangmu marang lurahku?

6. Wangsulane: Lisah satus tong. Banjur dikandhani: Enya iki layang-utangmu. Linggiha, gawea layang-utang liyane, saiki uga, kang muni: Seket tong.

7. Wong kang kapindho ditakoni: Lah kowe utangmu pira? Wangsulane wong mau: Gandum satus dhacin. Banjur dikandhani: Enya iki layang-utangmu. Gawea layang-utang liyane, tulisen: Wolung puluh dhacin.

8. Lurahe banjur ngalem marang juru-gedhong kang ora temen iku, marga saka anggone duwe akal kang mangkono iku, sabab para anaking jagad iki tumrap kang tunggal golongan, akale ngluwihi para ahli-warising pepadhang.

9. Lan Aku pitutur marang kowe: Padha memitrana kalawan migunakake Mamon kang ora temen iku, supaya manawa kowe koncatan Mamon iku, kowe banjur ditampani ana ing tarub kang langgeng.”

10. “Sing sapa tumemen ing bab prakara kang sepele, iya tumemen ing bab prakara kang wigati. Lan sing sapa ora tumemen bab prakara kang sapele, iku iya ora tumemen ing bab prakara kang wigati.

11. Dadi, manawa kowe ora tumemen ing bab Mamon, kang ora temen iku, sapa kang bakal mitayakake barang kang sanyata marang kowe?

12. Lan manawa kowe ora tumemen tumrap baranging liyan, sapa kang bakal menehake barangmu dhewe marang kowe?

13. Ora ana batur kang bisa ngladeni bandara loro. Amarga manawa mangkono, mesthi bakal sengit marang kang siji lan tresna marang sijine, utawa setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Ora bisa kowe ngawula marang Gusti Allah lan marang Mamon.”

14. Iku mau kabeh iya kaprungu dening wong-wong Farisi, kang padha karem bandha, banjur padha ngencepi Panjenengane.

maca bab lengkap Lukas 16