Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 15:4-19 Kitab Sutji (JAV)

4. “Sapa panunggalanmu, kang duwe wedhus satus, mangka ana siji sing ilang, apa ora banjur nggoleki sing ilang iku nganti saketemune, sing sangang puluh sanga ditinggal ana ing ara-ara samun?

5. Lan manawa wis ketemu, nuli dipanggul kalawan bungah

6. sarta satekane ing omahe, banjur ngundangi mitra-mitrane lan tangga teparone lan padha dikandhani: Ayo, padha bebarengan bungah-bungah karo aku, sabab wedhusku sing ilang wis ketemu.

7. Aku pitutur marang kowe: Iya kaya mangkono iku ing swarga bakal ana kabungahan gedhe marga ana wong dosa siji kang mratobat, ngluwihi kabungahan kang tumrap wong sangang puluh sanga kang ora usah mratobat.”

8. “Utawa endi ana wong wadon duwe dhuwit dirham sapuluh, mangka ilang siji, kok ora banjur nyumed damar lan nyaponi omahe, nggoleki njlimet nganti saketemune?

9. Lan manawa wis ketemu, banjur ngundangi mitra-mitrane lan tangga teparone sarta padha dicritani mangkene: Dhuwitku dirham sing ilang wis ketemu. Ayo, padha bungah-bungah bebarengan karo aku.

10. Aku pitutur marang kowe: Samono uga para malaekate Gusti Allah bakal padha bungah-bungah, jalaran ana wong dosa siji kang mratobat.”

11. Gusti Yesus ngandika maneh: “Ana wong duwe anak lanang loro.

12. Anak kang wuragil matur marang bapakne: “Bapak, keparenga kula nyuwun saperanganing barang darbek kita ingkang dados hak kula. Bapakne iya banjur mbage-bage barang darbeke, diwenehake marang sakarone.

13. Let sawatara dina kang wuragil mau banjur ngedoli bageane kabeh, sawise mangkono nuli lunga menyang nagara kang adoh. Ana ing kana barang darbeke diebreh-ebreh dianggo nguja kekarepane.

14. Bareng wis entek kabeh, ing tanah kono ana pailan kang nggegirisi, dheweke banjur wiwit nandhang kakurangan.

15. Tumuli lunga lan nyambut-gawe ana ing wewengkoning sawijining wong ing tanah kono, banjur dikon angon babi-babine ana ing pategalane.

16. Nuli kepengin ngiseni wetenge kalawan ampas pakan babi iku, nanging ora ana wong kang gelem menehi.

17. Banjur eling marang kaanane, mangkene panggagase: Buruhe bapakku pirang-pirang lan padha bisa mangan mubra-mubru, mangka aku ana ing kene mati kaliren.

18. Aku dakmulih menyang ing daleme bapakku lan matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhumateng swarga lan dhumateng bapak,

19. kula sampun boten pantes kawastanan putranipun bapak malih; keparenga namung dados satunggaling berahipun bapak kemawon.

maca bab lengkap Lukas 15