Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 14:8-19 Kitab Sutji (JAV)

8. “Manawa kowe diulemi jagong manten, kowe aja linggih ing ngarep dhewe, awit bokmanawa kang duwe gawe wis ngulemi wong kang luwih dhuwur pangkate tinimbang karo kowe,

9. supaya wong kang ngulemi kowe lan wong mau aja padha marani kowe lan calathu marang kowe: Kula aturi mingser, palenggahan punika kagem sadherek punika. Kowe banjur kapeksa ngalih linggih ing buri dhewe kalawan wirang.

10. Mulane, manawa kowe diulemi, linggiha ing buri dhewe. Bokmanawa mengko sing duwe omah banjur marani lan calathu marang kowe: Sadherek, mangga kula aturi lenggah ing ngajeng. Temahan kowe katon anggonmu kajen ana ing ngarepane para dhayoh liyane kabeh.

11. Sabab sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, lan sing sapa ngasorake awake dhewe bakal diluhurake.

12. Gusti Yesus uga banjur ngandika marang wong kang ngaturi rawuh Panjenengane: “Manawa kowe nganakake pista ing wayah awan utawa bengi, kowe aja ngulemi mitra-mitramu, utawa sadulur-sadulurmu, utawa sanak-kadangmu utawa tangga-teparomu kang sugih-sugih, amarga iku bakal padha males genti ngulemi kowe, dadi kowe wis oleh piwales.

13. Nanging, manawa kowe nganakake pista, ngulemana wong-wong kang mlarat, kang cacad, kang lumpuh lan kang wuta.

14. Yen mangkono kowe bakal rahayu, amarga wong iku kabeh ora padha duwe kang dianggo males marang kowe. Dene kowe bakal tampa piwales besuk ing dina patangening para wong mursid.”

15. Krungu pangandika kang mangkono iku, ana sawijining dhayoh kang matur marang Gusti Yesus: “Rahayu tiyang ingkang sami badhe kasegah nedha wonten ing Kratoning Allah.”

16. Nanging Gusti Yesus ngandika marang wong mau: “Ana wong nganakake pista gedhen lan ngulemi wong akeh.

17. Bareng wis ndungkap wayahe bujana, bature dikongkon pratela marang wong kang padha diulemi: Sumangga sami karsaa rawuh, amargi sadaya-sadayanipun sampun cumawis.

18. Nanging kabeh padha bebarengan nyuwun ngapura. Wong kang kapisan matur mangkene: Kula mentas tumbas pategilan, kula badhe ningali mrika, mila kula nyuwun pangapunten.

19. Wong liyane matur mangkene: Kula mentas tumbas lembu gangsal rakit, kula badhe kesah nyobi lembu-lembu punika, mila nyuwun pangapunten.

maca bab lengkap Lukas 14