Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 14:25-35 Kitab Sutji (JAV)

25. Kacarita Gusti Yesus banjur tindak kadherekake wong akeh gumrudug. Gusti tumuli minger ngandika marang wong-wong mau:

26. “Manawa ana wong kang sowan ing ngarsaKu, mangka ora sengit marang bapakne, ibune, bojone, anak-anake, sadulur-sadulure lanang utawa wadon, malah nyawane dhewe pisan, iku ora bisa dadi siswaKu.

27. Sing sapa ora manggul salibe lan ngetut buri Aku, iku ora bisa dadi siswaKu.

28. Sabab sapa ta panunggalanmu kang arep ngadegake manara, ora linggih dhisik ngetung-etung, apa dhuwite cukup kanggo ngragadi nganti sarampunge.

29. Supaya manawa wis rampung pandhemene, mangka ora bisa mbacutake, sakehe wong kang weruh aja nganti padha moyoki

30. mangkene: Wong iku ngadani gegawean, nanging kok ora bisa ngrampungake!

31. Utawa, ratu ngendi sing arep andon perang mungsuh ratu liyane, kok ora lenggah dhisik prelu nggalih-nggalih, apa wadyabala saleksa iku cukup kanggo nglawan mungsuh kang nekani kalawan nggawa bala rong leksa?

32. Manawa ora, mesthi banjur utusan, mumpung mungsuh iku isih adoh, prelu nakokake prajanjian-prajanjiane bedhamen.

33. Mangkono uga saben wong panunggalanmu, kang ora bisa ninggal sabarang darbeke kabeh, iku ora bisa dadi siswaKu.

34. Uyah iku pancen apik, nanging manawa uyah iku ilang asine, apa kang kanggo mulihake rasane?

35. Wis ora ana gunane, kanggoa tegal utawa kanggoa rabuk, mung banjur dibuwang bae. Sing sapa duwe kuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!

maca bab lengkap Lukas 14