Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 14:1-15 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, Gusti Yesus rawuh ing omahe sawijining panggedhene wong Farisi, arep dhahar roti ana ing kono. Kabeh wong kang ana ing kono padha ngulatake Panjenengane kanthi temenan.

2. Lah ing kono tumuli ana wong lara busung ngadeg ing ngarsane.

3. Gusti Yesus banjur ngandika marang para ahli Toret lan para wong Farisi mangkene: “Marasake wong ing dina Sabat iku kena apa ora?”

4. Kabeh padha meneng bae. Panjenengane banjur ngasta tangane wong kang lara mau lan diwarasake sarta didhawuhi lunga.

5. Sawise mangkono banjur ngandika marang wong-wong mau: “Sapa panunggalanmu, kang anake utawa sapine kecemplung ing sumur, ora banjur enggal-enggal nulungi dientasake, sanadyan ing dina Sabat?”

6. Wong-wong mau ora ana kang bisa ngaturi wangsulan.

7. Bareng Gusti Yesus mirsa dhayoh-dhayoh padha milih papan palinggihan ing ngarep dhewe, banjur padha dipangandikani pasemon mangkene:

8. “Manawa kowe diulemi jagong manten, kowe aja linggih ing ngarep dhewe, awit bokmanawa kang duwe gawe wis ngulemi wong kang luwih dhuwur pangkate tinimbang karo kowe,

9. supaya wong kang ngulemi kowe lan wong mau aja padha marani kowe lan calathu marang kowe: Kula aturi mingser, palenggahan punika kagem sadherek punika. Kowe banjur kapeksa ngalih linggih ing buri dhewe kalawan wirang.

10. Mulane, manawa kowe diulemi, linggiha ing buri dhewe. Bokmanawa mengko sing duwe omah banjur marani lan calathu marang kowe: Sadherek, mangga kula aturi lenggah ing ngajeng. Temahan kowe katon anggonmu kajen ana ing ngarepane para dhayoh liyane kabeh.

11. Sabab sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, lan sing sapa ngasorake awake dhewe bakal diluhurake.

12. Gusti Yesus uga banjur ngandika marang wong kang ngaturi rawuh Panjenengane: “Manawa kowe nganakake pista ing wayah awan utawa bengi, kowe aja ngulemi mitra-mitramu, utawa sadulur-sadulurmu, utawa sanak-kadangmu utawa tangga-teparomu kang sugih-sugih, amarga iku bakal padha males genti ngulemi kowe, dadi kowe wis oleh piwales.

13. Nanging, manawa kowe nganakake pista, ngulemana wong-wong kang mlarat, kang cacad, kang lumpuh lan kang wuta.

14. Yen mangkono kowe bakal rahayu, amarga wong iku kabeh ora padha duwe kang dianggo males marang kowe. Dene kowe bakal tampa piwales besuk ing dina patangening para wong mursid.”

15. Krungu pangandika kang mangkono iku, ana sawijining dhayoh kang matur marang Gusti Yesus: “Rahayu tiyang ingkang sami badhe kasegah nedha wonten ing Kratoning Allah.”

maca bab lengkap Lukas 14