Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 13:21-34 Kitab Sutji (JAV)

21. Iku upamane kayadene ragi kang dijupuk dening wong wadon lan dicarubake ing glepung trigu telung taker, nganti kemrasukan kabeh.”

22. Gusti Yesus banjur ndlajahi kutha-kutha lan desa-desa sinambi memulang lan nglajengake tindake menyang ing Yerusalem.

23. Tumuli ana wong kang munjuk mangkene: “Gusti, tiyang ingkang kapitulungan wilujeng punika punapa namung sakedhik?”

24. Paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong kang ana ing kono: “Padha mbudidayaa lumebu ing lawang kang ciyut! Sabab Aku pitutur marang kowe: Akeh wong kang ngudi lumebu, nanging ora bisa.

25. Manawa kang kagungan dalem wis jumeneng lan wis ngancing lawang, lan kowe wiwit ngadeg ana ing jaba ndhodhog lawang kalawan matur: Gusti, kawula nyuwun kori! Panjenengane bakal mangsuli mangkene: Aku ora ngreti, kowe iku saka ngendi.

26. Kowe bakal matur: Kawula sampun nate sami nedha lan ngombe wonten ing ngarsa Paduka, sarta Paduka sampun paring piwulang wonten ing margi-margi ing kitha kawula.

27. Nanging Panjenengane bakal ngandika marang kowe: Aku ora ngreti, kowe iku saka ing ngendi, padha sumingkira saka ing ngarepKu, heh wong kang padha gawe piala!

28. Ing kono bakal ana panangis lan keroting untu, samasa kowe bakal padha weruh Rama Abraham lan Rama Iskak sarta Rama Yakub apadene sakabehing nabi padha ana ing Kratoning Allah, mangka kowe dhewe padha kabuwang menyang ing jaba,

29. sarta bakal ana wong kang padha teka saka ing wetan lan kulon lan tuwin saka ing lor lan kidul, padha bakal linggih mangan ana ing Kratoning Allah.

30. Lah ana pamburi kang bakal padha dadi pangarep, lan ana pangarep kang bakal padha dadi pamburi.”

31. Ing nalika iku ana wong Farisi sawatara kang padha sowan lan matur marang Gusti Yesus: “Panjenengan kula aturi sumingkir saking ngriki, awit Sang Prabu Herodhes badhe ngangkah nyedani Panjenengan.”

32. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Padha lungaa, kandhaa marang asu wawar iku: Aku nundhungi dhemit lan marasake wong, ing dina iki lan sesuk, dene ing telung dinane Aku bakal wis rampung.

33. Nanging ing dina iki, lan sesuk tuwin besuk emben Aku kudu nerusake lakuKu, amarga ora samesthine kang jeneng nabi dipateni ora ana ing Yerusalem.

34. Yerusalem, Yerusalem, kowe kang mateni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang padha diutus nemoni kowe. Wis makaping-kaping anggonKu arep nglumpukake anak-anakmu, padha kaya babon anggone nglumpukake kuthuk-kuthuke ana ing sangisoring swiwine, nanging kowe ora ngolehake.

maca bab lengkap Lukas 13