Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 13:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika samana ana wong sawatara kang padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus ngaturi uninga bab wong-wong Galilea kang padha kawutahake getihe dening Sang Pilatus, diworake ing getih kurban kang diunjukake dening wong-wong mau.

2. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa pangiramu wong-wong Galilea iki luwih gedhe dosane katimbang karo dosane wong-wong Galilea liyane kabeh, jalaran banjur ketaman lelakon kang kaya mangkono iku?

3. Ora, kandhaKu marang kowe. Nanging manawa kowe ora padha mratobat, kowe bakal padha tiwas kabeh kanthi patrap mangkono.

4. Utawa maneh apa pangiramu wong wolulas kang padha mati kerubuhan menara ing Siloam kae kaluputane ngluwihi wong ing Yerusalem liyane kabeh?

5. Aku pitutur marang kowe: Ora. Nanging manawa kowe kabeh padha ora mratobat, bakal tiwas kanthi patrap mangkono.”

6. Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene: “Ana wong kang duwe wit anjir, kang katandur ing pakebonane anggur, banjur diparani digoleki wohe, nanging ora oleh.

7. Tumuli calathu marang kang ngurus kebon anggur iku: Iki wis telung taun aku golek wohe, kok ora ana. Mulane tegoren bae wit iki! Kanggo apa urip ana ing lemah kene tanpa guna!

8. Wangsulane wong mau: Bendara, kajengipun gesang sataun engkas, siti sakubengipun badhe kula paculi lan wit punika badhe kula rabuk,

9. bokmanawi taun ngajeng saged awoh; manawi boten, inggih lajeng kategora kemawon.”

10. Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, Gusti Yesus memulang ana ing salah sawijining papan pangibadah.

11. Ing kono ana wong wadon kang kapanjingan dhemit wis wolulas taun, satemah banjur lara lan dadi wungkuk, ora bisa ngadeg jejeg.

12. Bareng Gusti Yesus mirsa wong mau, banjur ditimbali sarta dipangandikani mangkene: “He, mbok, lelaramu wis mari.”

maca bab lengkap Lukas 13