Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 12:45-59 Kitab Sutji (JAV)

45. Nanging manawa abdi mau duwe gagasan mangkene: Bendaraku kok ora rawuh-rawuh, banjur wiwit nggitiki para abdi lanang lan wadon, sarta mangan lan ngombe nganti mendem,

46. samangsa bendarane rawuh ing dina kang ora kanyana lan ing wayah kang ora disumurupi, mesthi wong mau bakal dipateni lan dianggep padha bae karo wong kang ora setya.

47. Anadene abdi kang ngreti marang karsane bendarane, mangka ora cecawis utawa ora nindakake apa kang dikarsakake dening bendarane, iku bakal digebugi marambah-rambah.

48. Nanging sing ora ngreti marang karsane bendarane, mangka banjur nindakake apa kang kagolong kena ing ukuman gebug, iku bakal tampa paukuman gebug, sawatara. Saben wong kang kaparingan akeh, iku bakal kapundhutan akeh, sarta kang dipracaya akeh, bakal kapundhutan luwih dening akeh.”

49. “TekaKu iki nibakake geni ing bumi lan apa kang Dakkarepake, manawa wis murub?

50. Aku kudu nampani baptis lan sapira gedhene kasusahaning atiKu, sadurunge iku rampung!

51. Apa pangiramu, tekaKu ing bumi iki nggawa karukunan? Ora, Aku pitutur marang kowe: Aku ora nggawa katentreman, nanging nuwuhake crah.

52. Amarga wiwit saiki wong lima kang tunggal saomah bakal crah, kang telu karo kang loro, kang loro karo kang telu.

53. Kabeh bakal padha crah, bapa karo anake lanang, lan anak lanang karo bapakne, embok karo anake wadon, lan anak wadon karo embokne, embok maratuwa karo mantune wadon, lan mantu wadon karo embokne maratuwa.”

54. Ana maneh pangandikane Gusti Yesus marang wong akeh: “Manawa kowe padha weruh mendhung jumedhul ing sisih kulon, kowe banjur bisa kandha: Arep udan, lan tumuli iya kalakon mangkono.

55. Sarta manawa kowe weruh angin saka kidul, kowe banjur kandha: Mengko bakal panas gumemplang, lan iku iya tumuli kalakon mangkono.

56. Heh, wong lamis, semuning bumi lan langit kowe padha bisa niteni, yagene kowe ora bisa niteni kaanane jaman saiki?

57. Lan maneh yagene kowe padha ora netepake dhewe apa kang bener?

58. Amarga, manawa kowe karo lawananmu padha arep ngadhep marang ing ngarsane pamarentah, ana ing dalan ngudia rukun karo wong mau, supaya kowe aja nganti diladekake ing ngarsane hakim, lan hakim banjur masrahake kowe marang pambantune sarta pambantu iki tumuli nglebokake kowe marang ing pakunjaran.

59. Aku pitutur marang kowe: Kowe ora bakal metu saka ing kono sadurunge utangmu sah.”

maca bab lengkap Lukas 12