Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 12:37-51 Kitab Sutji (JAV)

37. Begja para abdi kang sarawuhe bendarane ketemu melek. Aku pitutur ing kowe: Satemene bendara mau bakal sabukan, abdine padha didhawuhi mangan bebarengan, bendarane bakal nyedhaki ngladeni.

38. Lan manawa rawuhe ing tengah wengi utawa ing wayah bangun esuk mangka para abdi mau ketemu mangkono, begja wong-wong iku.

39. Nanging sumurupa: Saupama kang duwe omah ngreti tekane maling jam pira, mesthi ora bakal ngetogake bae omahe dibabah.

40. Mulane kowe kabeh padha tansah rumantia, awit rawuhe Putraning Manungsa iku ing wektu kang ora koknyana.”

41. Petrus banjur munjuk: “Gusti, ingkang Paduka karsakaken kanthi pasemon punika punapa kawula sakanca, punapa inggih dhateng tiyang sadaya?”

42. Paring wangsulane Gusti: “Sapa ta kang dadi pitayaning omah kang setya lan pinter, kang bakal diangkat dening bendarane dadi tetuwaning para abdi kang nyadhongi pangan marang dheweke kabeh ing wayah kang wis katemtokake?

43. Begja abdi kang ketemu nindakake kawajibane nalika bendarane rawuh.

44. Aku pitutur marang kowe: Satemene bendarane mau mesthi bakal ngangkat dheweke dadi abdi kang tinanggenah rumeksa marang sabarang kagungane bendarane kabeh.

45. Nanging manawa abdi mau duwe gagasan mangkene: Bendaraku kok ora rawuh-rawuh, banjur wiwit nggitiki para abdi lanang lan wadon, sarta mangan lan ngombe nganti mendem,

46. samangsa bendarane rawuh ing dina kang ora kanyana lan ing wayah kang ora disumurupi, mesthi wong mau bakal dipateni lan dianggep padha bae karo wong kang ora setya.

47. Anadene abdi kang ngreti marang karsane bendarane, mangka ora cecawis utawa ora nindakake apa kang dikarsakake dening bendarane, iku bakal digebugi marambah-rambah.

48. Nanging sing ora ngreti marang karsane bendarane, mangka banjur nindakake apa kang kagolong kena ing ukuman gebug, iku bakal tampa paukuman gebug, sawatara. Saben wong kang kaparingan akeh, iku bakal kapundhutan akeh, sarta kang dipracaya akeh, bakal kapundhutan luwih dening akeh.”

49. “TekaKu iki nibakake geni ing bumi lan apa kang Dakkarepake, manawa wis murub?

50. Aku kudu nampani baptis lan sapira gedhene kasusahaning atiKu, sadurunge iku rampung!

51. Apa pangiramu, tekaKu ing bumi iki nggawa karukunan? Ora, Aku pitutur marang kowe: Aku ora nggawa katentreman, nanging nuwuhake crah.

maca bab lengkap Lukas 12