Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 12:19-33 Kitab Sutji (JAV)

19. Nyawaku nuli dakkandhanane: Heh, nyawaku, kowe wis duwe bandha akeh banget, cukup kanggo urip pirang-pirang taun, mulane ngasoa, mangana, ngombea lan seneng-senenga.

20. Ananging dhawuhe Gusti Allah marang wong mau: Heh, wong kang tanpa budi, bengi iki uga nyawanira bakal kapundhut saka ing sira. Lan apa kang wis sira cawisake iku, kanggo apa bakale?

21. Iya kaya mangkono iku kadadeane wong kang nglumpukake bandha kanggo awake dhewe, mangka ora duwe kasugihan ana ing ngarsaning Allah.”

22. Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabate: “Mulane Aku pitutur marang kowe: Aja padha sumelang ing bab uripmu, apa kang bakal kokpangan, lan aja sumelang ing bab awakmu, apa kang bakal koksandhang.

23. Amarga urip iku ajine ngungkuli pangan lan badan iku ngungkuli sandhangan.

24. Padha delengen, manuk gagak iku ora padha nyebar lan ora derep apadene ora duwe gudhang utawa lumbung, ewasamono padha diparingi pangan dening Gusti Allah. Ajimu rak ngungkuli manuk-manuk iku banget!

25. Sapa ta panunggalanmu kang marga saka sumelang bisa nyambungi umure saasta?

26. Dadi yen kowe bab kang sepele dhewe bae ora bisa, kapriye dene kok nyumelangake bab liya-liyane?

27. Padha tamatna kembang bakung kae, ora ngantih ora nenun, ewadene pituturKu marang kowe: Sang Prabu Suleman sajrone sagunging kaluhurane, pangagemane ora ngungkuli endahe salah sijine kembang iku.

28. Dadi, yen suket ing ara-ara, kang saiki isih ana, sesuk kabuwang ing geni, iku dipanganggoni dening Gusti Allah nganti kaya mangkono, saya maneh kowe, heh, wong kang cupet ing pangandel!

29. Mulane aja padha mrihatinake apa kang bakal kokpangan lan kokombe sarta aja melang-melang.

30. Awit iku kabeh kang diupaya dening wong kang ora wanuh marang Gusti Allah. Ramamu rak ora kekilapan, yen iku kabeh dadi kabutuhanmu.

31. Nanging Kratoning Allah iku padha upayanen, nuli kabeh iku mau bakal diwuwuhake marang kowe.

32. Aja padha wedi, heh pepanthan cilik! Amarga Ramamu wis kepareng maringake Kraton iku marang kowe.

33. Barang darbekmu dolana kabeh, banjur dedanaa! Gawea kanthong-kanthong kang ora bisa lawas, nglumpukna rajabrana ing swarga, kang ora bakal entek, kang ora bakal katekanan maling sarta ora bakal karusak dening renget.

maca bab lengkap Lukas 12