Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 11:18-28 Kitab Sutji (JAV)

18. Manawa Iblis iku uga dredah karo awake dhewe, kapriye bisane tulus krajane?

19. Dadi, yen Aku nundhung dhemit iku nganggo panguwasane Beelzebul, para muridmu anggone nundhung nganggo panguwasane sapa? Mulane iya iku kang bakal padha njeksani kowe.

20. Nanging manawa Aku nundhung dhemit nganggo panguwasaning Allah, dadine Kratoning Allah wis nekani kowe.

21. Manawa ana wong kang rosa sarta sikep gegaman ganep ngreksa bale omahe dhewe, barang darbeke bakal slamet.

22. Nanging manawa katekan wong kang luwih rosa sarta banjur ditempuh lan dikalahake, kabeh gegamane kang diandelake bakal dirampas, la barang darbeke bakal diedum-edum dadi jarahan.

23. Sing sapa ora nyarujuki Aku, iku nglawan marang Aku sarta sing sapa ora melu anggonKu nglumpukake, iku dadi mbuyarake.”

24. “Samangsa dhemit iku wis metu saka ing wong, banjur nglembara menyang ing papan-papan kang mluwa golek palereman, nanging sarehne ora oleh, nuli muni mangkene: Dakulihane tilas omahku.

25. Banjur bali, omahe ketemu wis disaponi resik lan tumata becik.

26. Tumuli metu lunga ngajak dhemit pitu liyane kang luwih ala katimbang karo dheweke, sarta banjur padha mlebu lan manggon ana ing kono, satemah wong mau alane ngungkuli sakawit.”

27. Nalika Gusti Yesus isih ngandika, ana sawijining wong wadon saka ing satengahe wong akeh kang nguwuh marang Panjenengane, unjuke: “Rahayu ibu ingkang sampun nggarbini Paduka saha payudara ingkang sampun Paduka sesep.”

28. Nanging Gusti Yesus banjur ngandika: “Kang rahayu iku wong-wong kang padha ngrungokake pangandikaning Allah lan digatekake.”

maca bab lengkap Lukas 11