Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 11:12-19 Kitab Sutji (JAV)

12. Utawa, manawa njaluk endhog, apa iya banjur diwenehi kalajengking?

13. Dadi, yen kowe, sanadyan ala, padha mangreti ing bab paweweh kang becik marang anak-anakmu, apamaneh Ramamu kang ana ing swarga mesthi bakal maringi Roh Suci marang kang padha nyenyuwun.”

14. Ing sawijining dina Gusti Yesus nundhung dhemit kang marakake bisu marang wong. Bareng dhemite wis metu, wonge bisa calathu. Wong akeh padha kaeraman.

15. Nanging ana saweneh kang padha ngucap mangkene: “Anggone nundhung dhemit iku nganggo panguwasane Beelzebul panggedhening para dhemit.”

16. Lan ana maneh kang padha nyoba marang Gusti Yesus, nyuwun pratandha saka ing swarga.

17. Nanging Gusti Yesus ora kekilapan marang pikirane wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “Saben krajan kang pecah, iku mesthi rusak, lan saben brayat kang wargane padha dredah, mesthi rusak.

18. Manawa Iblis iku uga dredah karo awake dhewe, kapriye bisane tulus krajane?

19. Dadi, yen Aku nundhung dhemit iku nganggo panguwasane Beelzebul, para muridmu anggone nundhung nganggo panguwasane sapa? Mulane iya iku kang bakal padha njeksani kowe.

maca bab lengkap Lukas 11