Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 11:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing sawijining dina Gusti Yesus ndedonga ana ing salah sawijining panggonan; bareng wis kendel, ana sakabate siji kang munjuk: “Gusti, kawula mugi sami Pduka wulang ndedonga, sami kados ingkang dipun wulangaken dening Nabi Yokanan dhateng para sakabatipun.”

2. Gusti Yesus banjur mangsuli, pangandikane: “Manawa kowe padha ndedonga, padha munjuka mangkene:Dhuh Rama, asma Paduka mugi kasucekna;Kraton paduka mugi rawuha.

3. Kawula mugi kaparingana rejeki kawula ing saben dintenipun ing sacekapipun.

4. Saha mugi karsaa ngapunten dosa kawula, awitdene kawula inggih sami ngapunten dhateng saben tiyang ingkang kalepatan dhateng kawula.Punapa malih mugi kawula sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha.”

5. Banjur padha dipangandikani maneh mangkene: “Manawa panunggalanmu ing wayah tengah wengi menyang ing omahe mitrane lan kandha: Sadulur, bok aku kokutangi roti telu bae.

6. Sabab ana mitraku kang lelungan mampir ing omahku, mangka aku ora duwe apa-apa, kang kena daksuguhake;

7. apa iya sing ana ing sajroning omah bakal mangsuli: Aja ngribedi aku, ta, lawange wis dakkancing, aku lan anak-anakku wis padha mapan turu, aku ora bisa tangi menehi kowe.

8. Aku pitutur marang kowe: Sanadyan oraa tangi lan menehi, marga iku mitrane, nanging marga saka anggone ora idhep isin iku, mesthi iya bakal banjur tangi uga, menehi apa kang dibutuhake.

9. Mulane aku pitutur ing kowe: Nyenyuwuna, temah bakal kaparingan; padha ngupayaa, temah bakal oleh, padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan.

10. Amarga saben wong kang nyenyuwun, bakal tampa, lan kang golek, bakal oleh, tuwin kang thothok-thothok, iku bakal kawenganan.

maca bab lengkap Lukas 11