Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 10:36-42 Kitab Sutji (JAV)

36. Lah manut panemumu, wong telu iku sing endi sing dadi pepadhane wong sing dibegal mau?”

37. Atur wangsulane: “Inggih tiyang ingkang nandukaken kawelasan dhateng piyambakipun punika.” Pangandikanae Gusti Yesus: “Wis mundura, lan nglakonana mangkono uga!”

38. Kacarita anggone padha lumaku ndherekake Gusti Yesus tekan ing sawijining desa. Ana ing kono Panjenengane ditampani dening wong wadon kang aran Marta ana ing omahe.

39. Wong iku duwe sadulur wadon jenenge Maryam, iku linggih cedhak ing sampeyane Gusti lan tansah ngrungokake pangandikane,

40. dene Marta ribut banget anggone leladi, mulane banjur marek sarta munjuk: “Gusti, punapa Paduka boten nggalih, bilih sadherek kawula metelaken kawula lelados piyambak? Mila mugi Paduka dhawuhi ngrencangi kawula.”

41. Nanging Gusti mangsuli, pangandikane: “Marta, Marta, kowe iku nyumelangake lan nggrantesake prakara akeh,

42. mangka kang prelu iku mung siji: Maryam wis milih panduman kang becik dhewe, kang ora bakal kajupuk saka ing dheweke.”

maca bab lengkap Lukas 10