Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 10:21-35 Kitab Sutji (JAV)

21. Ing nalika iku Gusti Yesus sukarena ing sajroning panggalih banjur matur: “Dhuh, Rama, Gustinipun langit kaliyan bumi. Kawula ngunjukaken genging panuwun, dene prakawis punika sadaya Paduka damel wados tumrap para winasis, nanging Paduka lairaken dhateng lare alit. Inggih, Rama, Kawula saos panuwun wonten ing ngarsa Paduka, dene punika ingkang dados keparenging panggalih Paduka.

22. Samubarang kabeh wis kapasrahake marang Aku dening RamaKu lan ora ana wong kang sumurup sang putra iku sapa, kajaba Sang Rama, mangkono uga Sang Rama iku sapa, kajaba Sang Putra lan wong kang kawedharan dening Sang Putra, marga saka keparenging panggalihe.”

23. Sawise mangkono Gusti Yesus banjur minger mirsani para sakabate sarta dipangandikani piyambak: “Begja mripat kang ndeleng apa kang padha kokdeleng.

24. Amarga Aku pitutur marang kowe: Akeh nabi lan ratu kang kepengin nyumurupi kang padha kokdeleng, nanging ora kalakon, sarta kang kepengin ngrungokake apa kang kokrungokake, nanging ora bisa kalakon.”

25. Ing sawijining dina ana ahli Toret ngadeg sumedya nyoba marang Gusti Yesus, ature: “Guru, punapa ingkang kedah kula lampahi, amrih kula angsal gesang langgeng?”

26. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kang katulisan ing Toret kapriye? Apa kang kokwaca ing kono?”

27. Atur wangsulane wong iku: “Kowe tresnaa marang Pangeran, Allahmu, kalawan gumolonging nyawamu sarta kalawan sakabehing kakuwatanmu apadene kalawan gumolonging budimu. Lan marang sapepadhamu dikaya marang awakmu dhewe.”

28. Pangandikane Gusti Yesus marang wong mau: “Wangsulanmu iku bener; iku lakonana, temah kowe bakal urip.”

29. Nanging sarehne wong mau arep mbenerake awake dhewe, mulane banjur matur marang Gusti Yesus: “Lajeng ingkang dados sesami kula punika sinten?”

30. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Ana wong lumaku mudhun saka ing kutha Yerusalem menyang ing kutha Yerikho; iku tumiba ing tanganing begal, banjur ora mung diblejedi bae, nanging nganggo dipilara nganti setengah mati, nuli ditinggal.

31. Kapinujon ana imam kang liwat ing kono. Bareng weruh wong mau, terus lumaku bae, metu ing sabrange dalan.

32. Mangkono uga wong Lewi, kang satekane ing kono lan weruh wong mau iya mung liwat bae, metu ing sabrange dalan.

33. Tumuli ana wong Samaria, kang lelungan uga liwat ing kono. Bareng weruh wong mau, trenyuh atine marga saka welase.

34. Wong mau banjur diparani, tatu-tatune diperban, sawise mangkono nuli dikopoh lenga lan anggur, banjur ditunggangake ing kuldine digawa menyang ing panginepan sarta dirukti.

35. Esuke kang duwe panginepan diwenehi dhuwit rong dinar, sarta diweling: Tiyang punika kula aturi mulasara, bab wragadipun, langkungipun saking samanten, kula ingkang badhe nglintoni, benjing manawi kula wangsul.

maca bab lengkap Lukas 10