Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 10:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawise iku Gusti nuding wong pitung puluh maneh padha diutus ngloro-ngloro ndhisiki Panjenengane, menyang ing saben kutha lan panggonan kang bakal dirawuhi.

2. Kabeh padha dipangandikani: “Panene pancen gedhe, nanging sing derep mung sathithik. Mulane padha nyenyuwuna marang kang Kagungan panen, supaya karsaa ngintunake wong-wong kang derep ing panenan.

3. Padha mangkata, lah kowe padha Dakutus kayadene cempe menyang ing satengahe asu ajag.

4. Aja padha nggawa kanthong utawa cangklong tuwin trumpah sarta sajrone ana ing dalan iku aja uluk salam karo sapa bae.

5. Manawa kowe lumebu ing sawijining omah, padha ngucapa mangkene dhisik: Tentrem rahayu mugi wontena ing dalem ngriki.

6. Anadene manawa ing kono ana anaking tentrem rahayu, ulukmu salam bakal lestari ana ing kono. Manawa ora ana, ulukmu salam bakal bali marang kowe.

7. Kowe tetepa ana ing kono, mangana lan ngombea apa kang disuguhake marang kowe, amarga wong nyambut-gawe iku wis samesthine oleh pituwas. Aja ngolah-ngalih pamondhokmu.

8. Lan manawa kowe lumebu ing sawijining kutha sarta ditampani ana ing kono, mangana apa kang disuguhake marang kowe,

9. wong kang padha lara ing kono padha warasna, apamaneh wong-wong padha tuturana: Kratoning Allah wis nyedhaki kowe.

10. Nanging manawa kowe lumebu ing sawijining kutha mangka kowe ora ditampani, lungaa menyang ing dalan-dalan gedhe ing kutha iku sarta nguwuha mangkene:

11. Dalasan bleduging kuthamu kang tumempel ing sikilku dakketabake ana ing ngarepmu, nanging sumurupa: Kratoning Allah wis cedhak.

12. Aku pitutur marang kowe: Ing dina iku Sodom bakal luwih entheng tanggungane katimbang karo kutha iku.”

maca bab lengkap Lukas 10