Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 1:43-52 Kitab Sutji (JAV)

43. Sapa ta aku iki, dene nganti karawuhan ibune Gustiku?

44. Amarga sanyatane, bareng uluk-salammu umama ing kupingku, bayi kandhutanku nggronjal, marga saka senenge.

45. Lah rahayu, kang wis pracaya iku, salam apa kang dipangandikakake dening Pangeran marang wong iku, mesthi bakal kalakon.”

46. Maryam banjur ngucap mangkene:“Nyawaku ngluhurake Pangeran

47. lan aku bungah marga saka Allah, Juruslametku.

48. Sabab Panjenengane wis ngudaneni asoring abdine.Lah wiwit saiki sakehing turun bakal ngaran aku rahayu,

49. jalaran Kang Mahakuwasa wis nindakake pakaryan-pakaryan kang pinunjul marang aku sarta suci asmane.

50. Tuwin rahmate turun-tumurun tumrap wong kang wedi asih marang Panjenengane.

51. Panjenengane ngatingalake panguwaose kaawan pakaryaning astane lan mbuyarake wong kang angkuh atine.

52. Panjenengane nglorod wong-wong kang kuwasa saka ing kalenggahane, lan ngumurake wong kang asor.

maca bab lengkap Lukas 1