Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 9:9-21 Kitab Sutji (JAV)

9. Nganti telung dina lawase anggone ora bisa ndeleng sarta ora mangan lan ngombe.

10. Ing Damsyik ana sawijining siswane Gusti jenenge Ananias, iku didhawuhi dening Gusti ing sajroning wahyu: “Ananias!”

11. Unjuke: “Kawula, Gusti.” Dhawuhe Gusti: “Ngadega, menyanga ing lurung kang aran Lurung Kenceng, menyanga ing omahe Yudas, golekana wong kang saka ing kutha Tarsus kang jenenge Saulus, saiki lagi ndedonga,

12. lan sajroning wahyu weruh wong aran Ananias kang lumebu sarta numpangi tangan, supaya bisa ndeleng maneh.”

13. Ananias mangsuli, unjuke: “Gusti, kawula sampun mireng saking tiyang kathah bab tiyang punika, bilih kathah sanget piawon ingkang dipun tindakaken tumrap para suci kagungan Paduka ingkang wonten ing Yerusalem,

14. saha anggenipun mriki punika kalayan mundhi panguwaos saking para pangajenging imam kangge nyepengi sadaya tiyang ingkang nyebut asma Paduka.”

15. Ewadene Gusti ngandika: “Wis, sira mangkata, jalaran wong iki piranti pilihaningSun kanggo martakake asmaningSun marang bangsa-bangsa liya sarta para raja lan wong-wong Israel.

16. Ingsun Piyambak bakal nuduhake marang dheweke, sapira kehing kasangsaran, kang bakal kasandhang awit saka asmaningSun.”

17. Ananias tumuli mangkat mrono lan lumebu ing omah kono. Saulus banjur ditumpangi tangan sarta tembunge: “Saulus, sadulurku, Gusti Yesus, kang wus ngatingal marang kowe ana ing dalan kang kokliwati, iku ngutus aku marani kowe, supaya kowe bisa ndeleng maneh lan kapenuhan ing Roh Suci.”

18. Padha sanalika kaya-kaya banjur ana kang rupane memper sisik padha runtuh saka ing mripate, satemah bisa ndeleng maneh, banjur ngadeg sarta kabaptis.

19a. Dene sawise mangan, kakuwatane nuli pulih.

19b. Saulus ana ing satengahing para siswa ing Damsyik sawatara dina.

20. Nalika iku dheweke iya martakake bab Gusti Yesus ana ing papan-papan pangibadah sarta pratela yen Gusti Yesus iku Putraning Allah.

21. Kabeh wong kang ngrungokake padha eram lan ngucap: “Apa iku dudu sing ana ing Yerusalem arep numpes wong kang nyebut jenenge Yesus iku, sarta tekane ing kene iku apa ora sumedya nyekeli wong-wong mau banjur diladekake marang ing ngarsane para pangareping imam?”

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 9