Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 9:31-43 Kitab Sutji (JAV)

31. Anadene ing sawatara wektu pasamuwan ing satanah Yudea, Galilea lan Samaria kabeh kaanane tentrem, padha kabangun sarta padha wedi-asih marang ing Pangeran. Cacahe saya wuwuh akeh marga saka anggone kapitulungan sarta kalipur dening Sang Roh Suci.

32. Nalika samana Rasul Petrus tindak mider-mider, tetuwi menyang ing ngendi-endi. Panjenengane uga ngrawuhi para suci ing kutha Lida.

33. Ana ing kono mrangguli wong kang aran Eneas, kang wis wolung taun nggluntung ana ing paturon amarga lumpuh.

34. Iku dipangandikani dening Rasul Petrus: “Eneas, Gusti Yesus nyarasake kowe; tangia lan paturonmu tatanen!” Sanalika iku uga wong mau banjur tangi.

35. Kabeh wong ing Lida lan Saron padha ndeleng wong mau, satemah banjur padha mratobat marang Gusti.

36. Ing kutha Yope ana sawijining siswa wanita jenenge Tabita (ing basa Yunani: Dorkas). Wong wadon iku akeh banget panggawene becik lan anggone dedana.

37. Nanging nalika samana dheweke lara banjur tinggal-donya. Sawise disuceni, layone nuli diturokake ana ing kamar ndhuwur.

38. Lida iku cedhak karo Yope. Bareng para siswa padha krungu, yen Rasul Petrus ana ing Lida, banjur kongkonan wong loro sowan marang ing ngarsane, ngaturake panyuwun mangkene: “Kula aturi enggal rawuh ing panggenan kula!”

39. Rasul Petrus nuli enggal-enggal tindak bebarengan karo wong-wong mau. Bareng wis rawuh ing kana, banjur didherekake menyang ing kamar ndhuwur sarta kabeh warandha padha ngadeg ing sacedhake apadene kalawan nangis padha nuduhake kabeh klambi lan sandhangan, gaweane Dorkas nalika isih urip.

40. Nanging kabeh nuli didhawuhi metu dening Rasul Petrus. Panjenengane banjur jengkeng lan ndedonga. Sawise mangkono nuli minger ngadhepake layon mau sarta ngandika: “Tabita, tangia!” Tabita nuli melek lan bareng ndeleng Rasul Petrus, banjur njenggelek linggih.

41. Tumuli tangane diasta dening Rasul Petrus, dilawani anggone ngadeg. Sawise mangkono nuli nimbali para suci lan para warandha sarta nedahake, yen wong wadon mau wis urip.

42. Lelakon iku sumebar ing sakutha Yope sarta akeh wong kang padha manjing pracaya marang Gusti.

43. Sawise mangkono Rasul Petrus isih lereb ana ing Yope sawatara dina ana ing omahe wong aran Simon, tukang samak.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 9