Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 9:24-35 Kitab Sutji (JAV)

24. Nanging sedya kang ala iku kaweruhan dening Saulus. Rina wengi wong Yahudi padha jaga ing saketheng-sakethenging kutha, supaya bisa mateni Saulus.

25. Nanging ing wayah bengi banjur disambut dening para siswane kaudhunake saka ing baluwartining kutha kawadhahan ing kranjang.

26. Satekane ing Yerusalem Saulus banjur ngudi bisane nunggal karo para siswa, nanging kabeh padha wedi, awit padha ora ngandel, yen dheweke iku uga sawijining siswa.

27. Mung bae banjur ditampani dening Barnabas lan dilantarake marang ing ngarsane para rasul sarta padha dicaritani, bab anggone Saulus ana ing dalan dikatingali dening Gusti tuwin anggone diparingi pangandika apadene anggone memulang kalawan asmane Gusti kanthi kendel ana ing Damsyik.

28. Saulus lestari tetunggalan karo para rasul ana ing Yerusalem lan kanthi kendel memulang ing asmane Gusti,

29. apadene uga wawan gunem lan bebantahan karo para wong Yahudi kang basane Yunani, nanging iku padha ngarah mateni.

30. Mung bae, bareng bab iku kasumurupan dening para sadulur warganing pasamuwan, banjur padha ngaterake Saulus menyang Kaisarea lan saka ing kono mbiyantu anggone menyang ing Tarsus.

31. Anadene ing sawatara wektu pasamuwan ing satanah Yudea, Galilea lan Samaria kabeh kaanane tentrem, padha kabangun sarta padha wedi-asih marang ing Pangeran. Cacahe saya wuwuh akeh marga saka anggone kapitulungan sarta kalipur dening Sang Roh Suci.

32. Nalika samana Rasul Petrus tindak mider-mider, tetuwi menyang ing ngendi-endi. Panjenengane uga ngrawuhi para suci ing kutha Lida.

33. Ana ing kono mrangguli wong kang aran Eneas, kang wis wolung taun nggluntung ana ing paturon amarga lumpuh.

34. Iku dipangandikani dening Rasul Petrus: “Eneas, Gusti Yesus nyarasake kowe; tangia lan paturonmu tatanen!” Sanalika iku uga wong mau banjur tangi.

35. Kabeh wong ing Lida lan Saron padha ndeleng wong mau, satemah banjur padha mratobat marang Gusti.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 9