Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 9:17-33 Kitab Sutji (JAV)

17. Ananias tumuli mangkat mrono lan lumebu ing omah kono. Saulus banjur ditumpangi tangan sarta tembunge: “Saulus, sadulurku, Gusti Yesus, kang wus ngatingal marang kowe ana ing dalan kang kokliwati, iku ngutus aku marani kowe, supaya kowe bisa ndeleng maneh lan kapenuhan ing Roh Suci.”

18. Padha sanalika kaya-kaya banjur ana kang rupane memper sisik padha runtuh saka ing mripate, satemah bisa ndeleng maneh, banjur ngadeg sarta kabaptis.

19a. Dene sawise mangan, kakuwatane nuli pulih.

19b. Saulus ana ing satengahing para siswa ing Damsyik sawatara dina.

20. Nalika iku dheweke iya martakake bab Gusti Yesus ana ing papan-papan pangibadah sarta pratela yen Gusti Yesus iku Putraning Allah.

21. Kabeh wong kang ngrungokake padha eram lan ngucap: “Apa iku dudu sing ana ing Yerusalem arep numpes wong kang nyebut jenenge Yesus iku, sarta tekane ing kene iku apa ora sumedya nyekeli wong-wong mau banjur diladekake marang ing ngarsane para pangareping imam?”

22. Nanging Saulus saya mundhak gedhe daya-prabawane lan gawe judheging wong-wong Yahudi kang manggon ing Damsyik, jalaran anggone aweh tandha-yekti, yen Gusti Yesus iku Sang Mesih.

23. Bareng wis sawatara dina wong Yahudi padha ngrantam arep mateni Saulus.

24. Nanging sedya kang ala iku kaweruhan dening Saulus. Rina wengi wong Yahudi padha jaga ing saketheng-sakethenging kutha, supaya bisa mateni Saulus.

25. Nanging ing wayah bengi banjur disambut dening para siswane kaudhunake saka ing baluwartining kutha kawadhahan ing kranjang.

26. Satekane ing Yerusalem Saulus banjur ngudi bisane nunggal karo para siswa, nanging kabeh padha wedi, awit padha ora ngandel, yen dheweke iku uga sawijining siswa.

27. Mung bae banjur ditampani dening Barnabas lan dilantarake marang ing ngarsane para rasul sarta padha dicaritani, bab anggone Saulus ana ing dalan dikatingali dening Gusti tuwin anggone diparingi pangandika apadene anggone memulang kalawan asmane Gusti kanthi kendel ana ing Damsyik.

28. Saulus lestari tetunggalan karo para rasul ana ing Yerusalem lan kanthi kendel memulang ing asmane Gusti,

29. apadene uga wawan gunem lan bebantahan karo para wong Yahudi kang basane Yunani, nanging iku padha ngarah mateni.

30. Mung bae, bareng bab iku kasumurupan dening para sadulur warganing pasamuwan, banjur padha ngaterake Saulus menyang Kaisarea lan saka ing kono mbiyantu anggone menyang ing Tarsus.

31. Anadene ing sawatara wektu pasamuwan ing satanah Yudea, Galilea lan Samaria kabeh kaanane tentrem, padha kabangun sarta padha wedi-asih marang ing Pangeran. Cacahe saya wuwuh akeh marga saka anggone kapitulungan sarta kalipur dening Sang Roh Suci.

32. Nalika samana Rasul Petrus tindak mider-mider, tetuwi menyang ing ngendi-endi. Panjenengane uga ngrawuhi para suci ing kutha Lida.

33. Ana ing kono mrangguli wong kang aran Eneas, kang wis wolung taun nggluntung ana ing paturon amarga lumpuh.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 9