Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 9:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Anadene Saulus atine isih kebak pangancam-ancam sarta pangigit-igit arep mateni para siswane Gusti, banjur seba marang ngarsane Imam Agung,

2. lan nyuwun layang kuwasa kang arep digawa menyang ing papan-papan pangibadah ing Damsyik, supaya samangsa mrangguli wong lanang utawa wong wadon kang padha nganut Margining Gusti, banjur bisa dicekel lan digawa menyang Yerusalem.

3. Sajrone lumaku iku, bareng wis cedhak karo kutha Damsyik, dumadakan nuli ana cahya cumlorot saka ing langit kang nglimputi dheweke.

4. Tumuli niba ing lemah sarta krungu swara kang mangandikani mangkene: “Saulus, Saulus, yagene sira nganiaya marang Ingsun?”

5. Atur wangsulane Saulus: “Paduka punika sinten, Gusti?” Pangandikane Gusti: “Ingsun iki Yesus, kang sira kaniaya iku.

6. Nanging ngadega, lumebua ing kutha, ana ing kono sira bakal didhawuhi apa kang kudu sira lakoni.”

7. Anadene wong-wong kang dadi kanthining lakune, padha njenger, marga pancen padha krungu swara mau, nanging ora ndeleng wong siji-sijia.

8. Saulus banjur ngadeg lan ngelekake mripate, nanging ora bisa ndeleng apa-apa. Tumuli dituntun lumebu menyang ing kutha Damsyik.

9. Nganti telung dina lawase anggone ora bisa ndeleng sarta ora mangan lan ngombe.

10. Ing Damsyik ana sawijining siswane Gusti jenenge Ananias, iku didhawuhi dening Gusti ing sajroning wahyu: “Ananias!”

11. Unjuke: “Kawula, Gusti.” Dhawuhe Gusti: “Ngadega, menyanga ing lurung kang aran Lurung Kenceng, menyanga ing omahe Yudas, golekana wong kang saka ing kutha Tarsus kang jenenge Saulus, saiki lagi ndedonga,

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 9