Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 8:3-19 Kitab Sutji (JAV)

3. Nanging Saulus ngudi marang sirnane pasamuwan, saben omah dileboni, wong lanang lan wong wadon padha diglandhangi lan dipasrahake marang ing pakunjaran.

4. Wong-wong kang buyar mau padha ndlajahi ing satanah kabeh karo ngabarake Injil.

5. Lan Sang Filipus tindak menyang ing sawijining kutha ing tanah Samaria martakake bab Sang Mesih marang wong-wong ing kono.

6. Nalika wong akeh ngrungokake apa kang diwartakake dening Sang Filipus sarta nyumurupi pratandha-pratandha kang dianakake, banjur padha saiyeg nampani pawartane iku.

7. Amarga wong akeh kang padha kapanjingan dhemit, dhemite padha metu kalawan nguwuh-uwuh sora, lan uga akeh wong lumpuh sarta wong pincang kang padha diwarasake,

8. temahan wong ing kutha kono padha bungah banget.

9. Kacarita ing kutha kono ana wong jenenge Simon, kang wiwit biyen nindakake pasikhiran lan gawe erame rakyat Samaria apadene ngaku-aku wong kang pinunjul.

10. Wong-wong, gedhe, cilik, padha nganut marang dheweke, pangucape: “Wong iki apangawak panguwaosing Allah kang kasebut Sang Panguwaos Agung.”

11. Mulane padha ngedhep marang dheweke, jalaran wis suwe anggone gawe erame sarana pasikhirane.

12. Nanging saiki padha pracaya marang Sang Filipus, kang martakake Injile Kratoning Allah sarta bab asmane Gusti Yesus Kristus tuwin padha kabaptis, wong lanang dalasan wong wadon.

13. Simon dhewe iya manjing pracaya lan sawise dibaptis, tansah ngraketi marang Sang Filipus sarta sumlengeren nyumurupi pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat linuwih kang tumindak.

14. Bareng para rasul ing Yerusalem padha midhanget, yen wong ing tanah Samaria wis padha nampani pangandikaning Allah, Rasul Petrus lan Rasul Yokanan padha kautus mrana.

15. Sarawuhe ing kono karone banjur padha ndedonga, supaya wong-wong ing Samaria padha kaparingan Roh Suci.

16. Amarga Roh Suci durung tumendhak marang wong siji-sijia ing antarane wong-wong mau, awit mung padha dibaptisi ing asmane Gusti Yesus.

17. Mulane kabeh banjur padha katumpangan asta dening para rasul mau, satemah padha katedhakan ing Roh Suci.

18. Bareng Simon sumurup, yen anggone padha pinaringan Roh Suci iku marga katumpangan astane para rasul, dheweke banjur ngaturi dhuwit marang para rasul,

19. kalawan matur: “Kula mugi kaparingana kasekten punika ugi, supados tiyang ingkang kula tumpangi tangan, inggih lajeng katedhakan ing Roh Suci.”

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 8