Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 8:21-32 Kitab Sutji (JAV)

21. Kowe ora duwe panduman utawa wewenang tumrap prakara iki, amarga atimu ora jujur ana ing ngarsane Gusti Allah.

22. Mulane mratobata saka ing pialamu iki sarta ndedongaa marang Pangeran, supaya niyating atimu iki kaapura,

23. amarga aku sumurup, yen atimu iku wis kayadene rempelu kang pait lan kajiret ing piala.”

24. Simon mangsuli, ature: “Mugi panjenengan karsaa ndongakaken kula dhateng Pangeran, supados sadaya pangandika panjenengan tumrap kula punika sampun ngantos kelampahan.”

25. Para rasul mau sawise paring paseksen lan martakake bab pangandikaning Gusti banjur padha kondur menyang Yerusalem sarta sadalan-dalan padha nggiyarake Injil ing desa akeh ing tanah Samaria.

26. Tumuli ana sawijining malaekating Pangeran kang ngandika marang Sang Filipus, mangkene: “Ngadega, lan mangkata mangidul metu ing dalan kang mudhun saka ing Yerusalem menyang ing kutha Gaza.” Dalan iku sepi. Sang Filipus banjur tindak.

27. Tumuli ana wong Etiopia, sawijining priyagung panjaga kaputren, kapala juru gedhonge Sri Kandhake, nata putri ing nagara Etiopia, kang tindak menyang Yerusalem prelu nindakake pangibadah.

28. Nalika samono panjenengane lagi tindak kondur nitih kreta karo maos kitabe Nabi Yesaya.

29. Sang Filipus banjur kadhawuhan dening Roh: “Mronoa, cedhakana kreta iku!”

30. Sang Filipus banjur enggal-enggal murugi lan mireng priyagung iku lagi maos kitab Nabi Yesaya. Sang Filipus matur: “Panjenengan punapa mangretos ingkang panjenengan waos punika?”

31. Paring wangsulane: “Kadospundi anggen kula saged mangretos, manawi boten wonten ingkang nuntun?” Sang Filipus banjur didhawuhi minggah lan lenggah ing sandhinge.

32. Anadene nas kang diwaos iku surasane mangkene:Kayadene wedhus Panjenengane katuntun bakal disembeleh,lan kaya cempe kang ora nyuwara ana ing ngarepe kang mbathili,mangkono anggone Panjenengane ora mbikak tutuke.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 8