Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 8:1b-6 Kitab Sutji (JAV)

1b. Ing nalika iku pasamuwan ing Yerusalem wiwit nandhang panganiaya kang banget. Kabeh padha buyar, pating slebar ana ing tlatah Yudea lan Samaria, kajaba para rasul.

2. Para wong saleh padha ngubur layone Sang Stefanus, sarta banget anggone padha nangisi.

3. Nanging Saulus ngudi marang sirnane pasamuwan, saben omah dileboni, wong lanang lan wong wadon padha diglandhangi lan dipasrahake marang ing pakunjaran.

4. Wong-wong kang buyar mau padha ndlajahi ing satanah kabeh karo ngabarake Injil.

5. Lan Sang Filipus tindak menyang ing sawijining kutha ing tanah Samaria martakake bab Sang Mesih marang wong-wong ing kono.

6. Nalika wong akeh ngrungokake apa kang diwartakake dening Sang Filipus sarta nyumurupi pratandha-pratandha kang dianakake, banjur padha saiyeg nampani pawartane iku.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 8