Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 7:9-16 Kitab Sutji (JAV)

9. Margi saking drengkinipun, para bapa-lajer kita wau lajeng nyade Yusuf dhateng ing tanah Mesir, nanging Gusti Allah nunggil kaliyan piyambakipun,

10. sarta dipun luwari saking sakathahing sangsaranipun saha kaparingan sih-rahmat tuwin kawicaksanan, nalika wonten ing ngarsanipun Sang Prabu Pringon, nata ing Mesir, lajeng kawisudha dening Sang Prabu Pringon dados ingkang ngasta panguwaos tumrap ing tanah Mesir tuwin tumrap kratonipun sadaya.

11. Ing saindenging tanah Mesir lan ing tanah Kanaan lajeng kedhatengan bebaya pailan saha kasisahan ageng, ngantos leluhur kita boten saged angsal tedha.

12. Nanging sareng Rama Yakub midhanget, bilih ing tanah Mesir wonten gandum, lajeng utusan para leluhur kita mrika. Punika ingkang kapisan.

13. Sareng lampahipun ingkang kaping kalih, Sang Yusuf waleh dhateng para sadherekipun, satemah asal-usulipun Sang Yusuf lajeng kauningan dening Sang Pringon.

14. Sang Yusuf lajeng utusan mboyongi ingkang rama Yakub saha sadaya sanak sadherekipun, cacah jiwa wonten pitung dasa gangsal.

15. Rama Yakub lajeng tindak dhateng Mesir, wasana seda dalah leluhur kita.

16. Layonipun sami kabekta dhateng ing kitha Sikhem, kasarekaken wonten ing pasarean, ingkang sampun dipun pundhut dening Rama Abraham kalayan arta salaka saking para putranipun Sang Hemor ing Sikhem.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 7